Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Rut 1:11-15 Kitab Sutji (JAV)

11. Nanging Naomi calathu: “Padha muliha bae, dhuh anak-anakku, perlune apa kowe padha melu aku? Aku rak wis ora bakal duwe anak lanang maneh, kang lair saka guwa-garbaku lan banjur dadi bojomu?

12. Padha muliha bae, dhuh anak-anakku, wis padha mangkata, aku rak wis ketuwan kanggo omah-omah. Saupama aku mosika: aku isih duwe pangarep-arep, malah sanadyan mengko bengi aku duwe bojo,

13. lan nganti nglairake anak lanang pisan, apa iya kena kok enteni nganti tumeka ing diwasane? Apa iya marga saka iku kowe nahan-nahanake padha ora omah-omah? Aja kaya mangkono ta, dhuh anak-anakku! Kang dakrasakake iki rak luwih pait banget katimbang karo kowe, dene astane Sang Yehuwah nganti tumempuh marang aku kaya mangkene.”

14. Mantune tumuli padha nangis maneh kalawan swara sora, Orpa banjur ngambung maratuwane lan pamitan, nanging Rut kang isih nggondheli dheweke.

15. Naomi tumuli calathu: “Lah kuwi pripeanmu wis bali ngulihi bangsane lan para allahe, bok kowe iya bali melu pripeanmu!”

maca bab lengkap Rut 1