Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Rut 1:1-11 Kitab Sutji (JAV)

1. Nalika jumenenge para hakim tanah Israel nuju kambah ing pailan. Banjur ana sawijining wong ing Betlehem- Yehuda kang lunga neneka ana ing ngarene tanah Moab karo somahe lan anake lanang loro.

2. Wong mau jenenge Elimelekh, somahe jenenge Naomi lan anake loro jenenge Makhlon lan Khilyon, padha wong Efrata, saka ing Betlehem -- Yehuda; satekane ing tlatah Moab, banjur padha manggon ana ing kono.

3. Wasana Elimelekh, somahe Naomi tinggal donya, dadi Naomi kari karo anake loro.

4. Anake loro mau padha omah-omah oleh wong Moab, jenenge kang siji Orpa, sijine Rut; pamanggone ana ing kono suwene watara sepuluh taun.

5. Makhlon lan Khilyon sakarone uga padha tinggal donya, dadine wong wadon iku kelangan anake loro lan bojone.

6. Naomi nuli mangkat kanthi mantune arep mulih saka ing tanah Moab, amarga ing tanah Moab kono dheweke oleh warta, yen Sang Yehuwah wus nuweni umate kalawan diparingi pangan.

7. Naomi banjur budhal saka papan padunungane, kairingake mantune karo pisan. Bareng ana ing dedalan arep mulih menyang tanah Yehuda,

8. Naomi nuli kandha marang mantune karo mau: “Wis padha balia mulih menyang omahe mbokmu dhewe-dhewe, Sang Yehuwah muga maringana kadarman marang kowe dikaya kang wis dadi panggawemu marang kang wis padha tinggal donya lan marang aku;

9. Sang Yehuwah muga maringana sih-kamurahan, kowe padha oleh pangayoman siji-sijimu ana ing pamengkuning somah.” Mantune nuli padha diambungi, nanging banjur padha nangis sora

10. karo matur: “Boten, kula sami badhe ndherek panjenengan kondur murugi bangsa panjenengan.”

11. Nanging Naomi calathu: “Padha muliha bae, dhuh anak-anakku, perlune apa kowe padha melu aku? Aku rak wis ora bakal duwe anak lanang maneh, kang lair saka guwa-garbaku lan banjur dadi bojomu?

maca bab lengkap Rut 1