Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Purwaning Dumadi 9:18-29 Kitab Sutji (JAV)

18. Para putrane Rama Nuh kang padha metu saka prau, iya iku: Sem, Kham lan Yafet. Dene Kham iku bapakne Kanaan.

19. Telu iku mau padha putrane Rama Nuh, lan marga saka anane wong telu mau sajagad kabeh kaisenan ing wong.

20. Rama Nuh miwiti tetanen lan damel pakebonan anggur,

21. nanging bareng ngunjuk anggur, banjur wuru nganti kelukaran ana ing tarube.

22. Bareng Kham, bapakne Kanaan, weruh kang ramane lukar, banjur nyaritakake bab iku marang sadulure karo pisan ana ing jaba.

23. Nanging Sem lan Yafet tumuli njupuk jubah, banjur ditumpangake ing pundhake, sarta nutupi kalingsemane kang rama klawan lumaku mungkur, raine padha mengo, satemah ora nganti weruh kalingsemane kang ramane.

24. Bareng Rama Nuh wungu sarta wurune wus ilang, miyarsa bab tumindake putrane wuragil marang sarirane,

25. tumuli ngandika:“Kenaa ing ipat-ipat si Kanaan,dadia baturing para bature sadulure.”

26. Banjur ngandika maneh:“Pinujia Sang Yehuwah, Allahe Sem,lan Kanaan iku dadia bature.

27. Gusti Allah njembarna papan padunungane Yafet,lan manggona ing tarube Sem,tuwin Kanaan iku dadia bature.”

28. Sawuse banjir gedhe Rama Nuh isih kaparingan yuswa telung atus seket taun.

29. Dadi gunggunge yuswane Rama Nuh sangang atus seket taun, banjur seda.

maca bab lengkap Purwaning Dumadi 9