Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Purwaning Dumadi 6:8-21 Kitab Sutji (JAV)

8. Nanging Rama Nuh iku manggih sih ana ing pangayunane Sang Yehuwah.

9. Iki sejarahe Rama Nuh. Rama Nuh iku wong mursid tanpa cacad ana ing antarane para barakane. Salampah tindake ana ing patunggilane Gusti Allah.

10. Rama Nuh kagungan putra kakung telu: Sem, Kham lan Yafet.

11. Anadene bumi iku ana ing ngarsane Gusti Allah katon wus rusak lan kebak panganiaya.

12. Bareng Gusti Allah mirsani bumi, nyata-nyata yen iku wus rusak banget, awit sarupane titah wus padha mblasar lakune ana ing bumi.

13. Gusti Allah tumuli ngandika marang Rama Nuh: “Ingsun wus mutus bakal mungkasi uripe makhluk kabeh, marga bumi wus padha dikebaki panganiaya; mulane bakal Sunsirnakake bareng karo bumi.

14. Sira gawea prau kanggo sira, kang kagawe kayu gofir, panggawene sira singget-singgeta, sarta ing jaba lan jerone sira usara nganggo aspal kang kenthel.

15. Dene anggonira gawe iku mangkene: dawane prau telung atus asta, ambane seket asta, dhuwure telung puluh asta.

16. Praune sira wenehana cendhela mubeng, lete saasta saka payon, lawange prenahna ana ing awake prau. Anggonira gawe prau sungsun-sungsun, ngisor, tengah lan dhuwur.

17. Awit dene Ingsun bakal nekakake banjir kang nglimputi bumi, kanggo nyirnakake sarupaning jinis kang urip lan kadunungan nyawa ing sangisore langit; sakabehe kang ana ing bumi bakal mati.

18. Nanging karo sira Ingsun karsa damel prasetyaningSun, sira bakal lumebu ing prau iku, sira lan anak-anakira, somahira lan somahe anak-anakira.

19. Apamaneh samubarang kang urip, sarupane makhluk, iku sira nggawaa mlebu ing prau sajodho-sajodho, supaya padha kapitulungana urip bareng karo sira; saben jinis lanang lan wadon.

20. Sawernaning manuk lan kewan nusoni, apadene sawernaning kewan kang rumangkang nlosor lan gumremet ana ing bumi, iku saben jinis ana sajodho kang bakal nekani sira supaya kapitulungana urip.

21. Sabanjure sira nglumpukna samubarang kang kena dipangan, kagawe tandhon kanggo panganira lan pakane kewan iku mau kabeh.”

maca bab lengkap Purwaning Dumadi 6