Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Purwaning Dumadi 6:7-17 Kitab Sutji (JAV)

7. Pangandikane Sang Yehuwah: “Manungsa kang wus Suntitahake iku bakal Sunsirnakake saka ing lumahe bumi, manungsa dalah kewan ingon-ingon, apadene kewan rumangkang, sarta manuk ing awang-awang pisan; sabab Ingsun piduwung anggoningSun karya.”

8. Nanging Rama Nuh iku manggih sih ana ing pangayunane Sang Yehuwah.

9. Iki sejarahe Rama Nuh. Rama Nuh iku wong mursid tanpa cacad ana ing antarane para barakane. Salampah tindake ana ing patunggilane Gusti Allah.

10. Rama Nuh kagungan putra kakung telu: Sem, Kham lan Yafet.

11. Anadene bumi iku ana ing ngarsane Gusti Allah katon wus rusak lan kebak panganiaya.

12. Bareng Gusti Allah mirsani bumi, nyata-nyata yen iku wus rusak banget, awit sarupane titah wus padha mblasar lakune ana ing bumi.

13. Gusti Allah tumuli ngandika marang Rama Nuh: “Ingsun wus mutus bakal mungkasi uripe makhluk kabeh, marga bumi wus padha dikebaki panganiaya; mulane bakal Sunsirnakake bareng karo bumi.

14. Sira gawea prau kanggo sira, kang kagawe kayu gofir, panggawene sira singget-singgeta, sarta ing jaba lan jerone sira usara nganggo aspal kang kenthel.

15. Dene anggonira gawe iku mangkene: dawane prau telung atus asta, ambane seket asta, dhuwure telung puluh asta.

16. Praune sira wenehana cendhela mubeng, lete saasta saka payon, lawange prenahna ana ing awake prau. Anggonira gawe prau sungsun-sungsun, ngisor, tengah lan dhuwur.

17. Awit dene Ingsun bakal nekakake banjir kang nglimputi bumi, kanggo nyirnakake sarupaning jinis kang urip lan kadunungan nyawa ing sangisore langit; sakabehe kang ana ing bumi bakal mati.

maca bab lengkap Purwaning Dumadi 6