Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Purwaning Dumadi 6:2-10 Kitab Sutji (JAV)

2. para putraning Allah bareng weruh anake wadon para manungsa iku padha ayu-ayu, temah padha ngalap somah marang iku, milih endi kang disenengi.

3. Ing kono pangandikane Sang Yehuwah: “RohingSun ora bakal salawase tetunggalan karo manungsa, amarga mung awujud daging, mulane ing sabanjure umure mung bakal kari satus rong puluh taun.”

4. Ing nalika samana ing bumi ana bangsa kang wong-wonge gedhe dhuwur; ing sapungkure iku iya ana, ing nalikane para putraning Allah padha awor karo anake wadon para manungsa sarta iku padha duwe anak, iya iku para wong kang gagah prakosa ing jaman kuna kang jenenge misuwur.

5. Bareng Sang Yehuwah mirsa yen gedhe durakane para manungsa ana ing bumi, lan saobah-osiking atine sajege mung ala bae,

6. ing kono Sang Yehuwah piduwung dene akarya manungsa ana ing bumi lan sekel galihe.

7. Pangandikane Sang Yehuwah: “Manungsa kang wus Suntitahake iku bakal Sunsirnakake saka ing lumahe bumi, manungsa dalah kewan ingon-ingon, apadene kewan rumangkang, sarta manuk ing awang-awang pisan; sabab Ingsun piduwung anggoningSun karya.”

8. Nanging Rama Nuh iku manggih sih ana ing pangayunane Sang Yehuwah.

9. Iki sejarahe Rama Nuh. Rama Nuh iku wong mursid tanpa cacad ana ing antarane para barakane. Salampah tindake ana ing patunggilane Gusti Allah.

10. Rama Nuh kagungan putra kakung telu: Sem, Kham lan Yafet.

maca bab lengkap Purwaning Dumadi 6