Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Purwaning Dumadi 6:17-22 Kitab Sutji (JAV)

17. Awit dene Ingsun bakal nekakake banjir kang nglimputi bumi, kanggo nyirnakake sarupaning jinis kang urip lan kadunungan nyawa ing sangisore langit; sakabehe kang ana ing bumi bakal mati.

18. Nanging karo sira Ingsun karsa damel prasetyaningSun, sira bakal lumebu ing prau iku, sira lan anak-anakira, somahira lan somahe anak-anakira.

19. Apamaneh samubarang kang urip, sarupane makhluk, iku sira nggawaa mlebu ing prau sajodho-sajodho, supaya padha kapitulungana urip bareng karo sira; saben jinis lanang lan wadon.

20. Sawernaning manuk lan kewan nusoni, apadene sawernaning kewan kang rumangkang nlosor lan gumremet ana ing bumi, iku saben jinis ana sajodho kang bakal nekani sira supaya kapitulungana urip.

21. Sabanjure sira nglumpukna samubarang kang kena dipangan, kagawe tandhon kanggo panganira lan pakane kewan iku mau kabeh.”

22. Rama Nuh tumuli nglampahi, ngestokake apa sadhawuhe Gusti Allah mau kabeh.

maca bab lengkap Purwaning Dumadi 6