Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Purwaning Dumadi 50:2-15 Kitab Sutji (JAV)

2. Lan banjur dhawuh marang para abdine dhukun-dhukun, ndikakake njebadi layone kang rama; para dhukun mau iya tumuli njebadi layone Rama Israel.

3. Prakara iku rampunge nganti patang puluh dina, awit iya mesthi samono suwene wong njebadi layon iku, lan wong Mesir anggone nata patangisan nganti pitung puluh dina lawase.

4. Bareng wus tutug dinane patangisan mau, Sang Yusuf banjur ngandika marang para abdi ing kedhatone Sang Prabu Pringon: “Manawa aku oleh sihmu, bok iya aku padha koktembungake ana ing ngarsane Sang Prabu Pringon, mangkene:

5. Kawula sampun dipun tedhani sumpah dening bapa kawula, piwelingipun makaten: Ora suwe maneh aku mesthi mati; anggonmu metak aku anaa ing pakuburan olehku ndhudhuk ana ing tanah Kanaan. Milanipun sapunika kawula mugi keparenga kesah metak bapa kawula, nunten wangsul malih.”

6. Pangandikane Sang Prabu Pringon: “ Sira sunparengake lunga metak bapakira, kaya anggone wus njaluk sumpah marang sira.”

7. Sang Yusuf banjur tindak mrana nyarekake kang rama, sarta kadherekake sakehe para abdine Sang Prabu Pringon, para panggedhene kedhaton lan sakehe para panggedhene tanah Mesir,

8. mangkono uga brayate Sang Yusuf, para sadhereke apadene brayate kang rama; mung anak-anake kang isih cilik, wedhuse lan sapine padha ditinggal ana ing tanah Gosyen.

9. Karomaneh iya didherekake wong-wong kang nunggang kreta lan nunggang jaran, satemah awujud arak-arakan kang dawa banget.

10. Bareng wus tekan ing Goren-Haatad, kang kaprenah ing sabrange bengawan Yarden, banjur nganakake patangisan kang banget nrenyuhake lan luwih gedhe, nganti pitung dina anggone Sang Yusuf nganakake patangisan, marga saka kang rama mau.

11. Bareng pendhudhuk tanah kono yaiku para wong Kanaan weruh upacara patangisan ana ing Goren-Haatad, iku banjur padha sapocapan: “Yaiki upacara patangisane wong Mesir kang rame banget.” Mulane panggonan kono mau diarani: Abel-Mizraim, kaprenah ana ing sabrange bengawan Yarden.

12. Anadene para putrane Rama Yakub padha nglakoni kaya anggone kadhawuhan.

13. Para putrane padha nggotong layone kang rama menyang ing tanah Kanaan, disarekake ana ing guwa Makhpela, kang wus dipundhut Rama Abraham saka Efron, wong Het, kanggo pasarean pamijen, yaiku ara-ara ing sawetane Mamre.

14. Sawuse rampung anggone nyarekake kang rama, Sang Yusuf banjur kondur menyang Mesir, iya panjenengane, iya para saherek-sadhereke dalasan wong-wong kang padha ndherekake tindake anggone nyarekake kang rama mau.

15. Para sadhereke Sang Yusuf bareng weruh yen kang rama wus seda, tumuli padha sapocapan: “Mesthine Yusuf ngendhem sengit lan arep males ukum marang piala kang wus padha kita tandukake.”

maca bab lengkap Purwaning Dumadi 50