Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Purwaning Dumadi 50:16-26 Kitab Sutji (JAV)

16. Mulane banjur kongkonan marang Sang Yusuf, ature: “Rama dalem saderengipun seda, sampun meling makaten:

17. Kowe padha matura marang Yusuf: Panjenengan dalem mugi ngapunten kalepatan saha dosanipun para sadherek dalem, anggenipun sampun sami nandukaken piawon dhateng panjenengan dalem; mila sapunika panjenengan dalem mugi ngapunten kalepatanipun para ingkang ngabekti dhateng Allahipun rama dalem!” Sang Yusuf muwun nalika diaturi mangkono iku.

18. Para sadhereke iya tumuli padha seba dhewe lan sumungkem ana ing ngarsane sarta matur: “Lah punika kawula sadaya, sami sowan, sami sumedya dados abdi dalem.”

19. Nanging pangandikane Sang Yusuf: “Aja padha wedi, apa aku iki dadi sulihe Gusti Allah?

20. Pancen kowe padha ngrantam kang ala marang aku, nanging iku dicipta malih dadi becik dening Gusti Allah, supaya banjur nindakake kang kelakon ing dina iki, mitulungi urip marang bangsa kang gedhe.

21. Mulane aja padha wedi, aku kang bakal nyukupi panganmu lan uga pangane anak-anakmu.” Mangkono Sang Yusuf anggone nglipur, padha dipangandikani kang ndadekake tentreming atine.

22. Anadene Sang Yusuf iku tetep pamanggene ana ing tanah Mesir dalah kulawargane, yuswane Sang Yusuf iku nyandhak satus sepuluh taun.

23. Sang Yusuf menangi anak-putune Efraim nganti turun ketelu, karodene anak-anake Makhir, anake Manasye, laire padha ana ing pangkone Sang Yusuf.

24. Sang Yusuf banjur ngandika marang para sadhereke: “Ora suwe maneh aku bakal mati, nanging Gusti Allah mesti bakal ngreksa kowe, lan kowe bakal padha diangkatake saka ing tanah kene menyang tanah kang wus diprasetyakake kalawan sumpah marang Eyang Abraham, Iskak lan Yakub.”

25. Sang Yusuf tumuli mundhut sumpahe para putrane Rama Israel, pangandikane: “Gusti Allah mesthi bakal mitulungi kowe; ing waktu iku, balung-balungku padha angkaten saka kene.”

26. Sang Yusuf banjur seda, yuswane satus sepuluh taun; layone banjur dijebadi kalebetake trebela ana ing tanah Mesir.

maca bab lengkap Purwaning Dumadi 50