Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Purwaning Dumadi 49:8-18 Kitab Sutji (JAV)

8. Yehuda, kowe iku bakal dialembana dening sadulur-sadulurmu,tanganmu bakal nyekeli cengele mungsuhmu,anak-anake bapakmu bakal padha tumelung ana ing ngarepmu.

9. Yehuda iku kaya anak singa,sawuse nubruk memangsan, banjur munggah ing papan kang dhuwur, anakku engger!Lagi ndhekem lan njerum kaya anak singa lanang utawa kaya singa wadon,sapa kang wani nangekake?

10. Tekene keprabon bakal ora ngalih saka Yehuda,utawa lambanging paprentahan saka ing antarane sikile,nganti tumeka rawuhe Sang Silo,kang bakal disuyudi bangsa-bangsa.

11. Kuldine bakal dicancang ana ing wit anggurlan belone ana ing wit anggur pilihan.Sandhangane dikumbah nganggo anggurlan jubahe ing duduhe woh anggur.

12. Mripate abang dening dayane anggurlan untune putih dening dayane susu.

13. Zebulon bakal manggon ana ing pinggir sagara,bakal dadi pelabuhaning prau,tapel watese ing tlatahe Sidon.

14. Isakhar iku kaya kuldi kang kuwat balungane,kang ndhekem kaapit ing momotane,

15. bareng weruh yen papan palerenane kepenak lan negarane nyenengake,banjur mendhakake gegere nuli nggawa momotan,sabanjure dadi wong kang kena ing pagawean peksan.

16. Anadene Dhan iku bakal ngadili bangsanekayadene salah sijine taler Israel.

17. Muga-muga Dhan iku kaya ula ana ing dalan,kaya ula bedhudhak ana ing lurungkang nyakot tungkake jaran,nganti sing nunggang tiba kegeblag.

18. Dhuh Yehuwah, kawula ngantos-antos dhateng kawilujengan ingkang saking Paduka.

maca bab lengkap Purwaning Dumadi 49