Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Purwaning Dumadi 49:27-33 Kitab Sutji (JAV)

27. Benyamin iku kaya asu ajag nyenyempal,ing wayah esuk ngganyang memangsanlan ing wayah sore andum rayahane.”

28. Iku kabeh talere Israel, cacahe rolas; lan iya iku mau kang dipangandikakake dening kang rama, nalika padha diberkahi; siji-sijine kaparingan berkah dhewe-dhewe.

29. Sawuse mangkono Rama Yakub banjur meling marang para putra wayahe: “Samangsa aku wus diklumpukake karo para leluhurku, aku kuburen awor karo para leluhurku ana ing guwa kang ana ing ara-ara duweke Efron wong Het,

30. ing guwa ing ara-ara Makhpela sawetane Mamre ing tanah Kanaan, kang wus dipundhut dening Eyang Abraham saka Efron wong Het mau, kanggo pakuburan pamijen.

31. Iya ana ing kono anggone nyarekake Eyang Abraham lan Eyang Sara garwane, iya ing kono sumarene Rama Iskak lan Ibu Ribkah garwane,

32. lan uga ana ing kono anggonku metak Lea. Ara-ara dalah guwane kang ana ing kono iku wus katuku saka wong bani Het.”

33. Sawuse Rama Yakub rampung anggone memeling marang para putrane, tumuli ninggahake sampeyane ana ing pasarean, banjur seda, kaklumpukake karo para leluhure.

maca bab lengkap Purwaning Dumadi 49