Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Purwaning Dumadi 49:14-28 Kitab Sutji (JAV)

14. Isakhar iku kaya kuldi kang kuwat balungane,kang ndhekem kaapit ing momotane,

15. bareng weruh yen papan palerenane kepenak lan negarane nyenengake,banjur mendhakake gegere nuli nggawa momotan,sabanjure dadi wong kang kena ing pagawean peksan.

16. Anadene Dhan iku bakal ngadili bangsanekayadene salah sijine taler Israel.

17. Muga-muga Dhan iku kaya ula ana ing dalan,kaya ula bedhudhak ana ing lurungkang nyakot tungkake jaran,nganti sing nunggang tiba kegeblag.

18. Dhuh Yehuwah, kawula ngantos-antos dhateng kawilujengan ingkang saking Paduka.

19. Gad iku bakal ditempuh dening grombolan,nanging bakal genti nempuh tungkake.

20. Mungguh Asyer iku pangane bakal mubra-mubru,malah bakal leladi dhaharane raja-raja.

21. Naftali iku kaya menjangan wadon umbaran,iku bakal nglairake tetembungan kang manis-manis.

22. Yusuf iku kaya wit wowohan kang nom,wit wowohan kang nom ana ing pinggir sendhang.Pang-pange padha ngungkuli pager tembok.

23. Sanadyan bala-pamanah mbeda,padha manah lan nempuh,

24. nanging panahe tetep kuwat,lan tangane padha tetep cukatmarga saka pitulungane Kang Mahasantosa, Pangayomane Yakub,marga saka pangone Gunung Parange Israel,

25. marga saka Allahe bapakmu kang bakal mitulungi kowe,lan marga saka Kang Mahakawasa kang mberkahi kowe,klawan berkah kang luber saka ing langit dhuwur,berkah saka telenging samodra kang ana ing ngisor,berkah saka ing payu-dara lan guwa-garba.

26. Berkahe bapakmu iku ngungkuli berkahe gunung-gunung wiwit jaman biyen,yaiku kang luwih dening ngresepake ana ing tengger-tengger kang wus pirang-pirang abad anane;kabeh mau bakal tumurun ana ing sirahe Yusuf,ing embun-embunane wong kang linuwih ana ing antarane para sadulure.

27. Benyamin iku kaya asu ajag nyenyempal,ing wayah esuk ngganyang memangsanlan ing wayah sore andum rayahane.”

28. Iku kabeh talere Israel, cacahe rolas; lan iya iku mau kang dipangandikakake dening kang rama, nalika padha diberkahi; siji-sijine kaparingan berkah dhewe-dhewe.

maca bab lengkap Purwaning Dumadi 49