Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Purwaning Dumadi 47:11-22 Kitab Sutji (JAV)

11. Sang Yusuf tumuli mrenahake pamanggone kang rama lan sadulur-sadulure, padha diedumi wewenang nduweni bumi ana ing kono, kaya kang kadhawuhake dening Sang Prabu Pringon.

12. Karodene Sang Yusuf nyekapi panggesangane kang rama, sadherek-sadhereke lan sabrayate kang rama, miturut cacahe anak-anake.

13. Ing saindenging nagara kono ora ana pangan, marga pailane luwih dening abot, nganti wong satanah Mesir lan satanah Kanaan padha nglentere lan lemes dening pailan mau.

14. Sang Yusuf nuli nglempakake dhuwit kang ketemu ana ing tanah Mesir lan ing tanah Kanaan, yaiku dhuwit patukone gandum; dene dhuwit-dhuwite mau digawa mlebu menyang ing kratone Sang Prabu Pringon.

15. Bareng ing tanah Mesir lan ing tanah Kanaan wus ora ana dhuwit, wong-wong Mesir padha seba marang ing ngarsane Sang Yusuf sarta matur: “Kawula mugi panjenengan dalem paringi tedha, punapa kawula kedah pejah wonten ngarsa dalem ngriki? Margi sampun sami boten gadhah arta malih.”

16. Paring wangsulane sang Yusuf: “Manawa wus padha ora duwe dhuwit, raja-kayamu aturna, kowe bakal dakwenehi pangan, minangka ijole raja-kayamu.”

17. Raja-kayane banjur padha diaturake marang Sang Yusuf. Sang Yusuf tumuli maringi pangan minangka ijole jaran, pepanthan wedhus, pepanthan sapi apadene kuldi; dadi setaun iku wong-wong mau padha dicukupi pangane minangka ijole raja-kayane.

18. Sawuse kliwat setaun, wong-wonge banjur padha seba maneh marang ngarsane Sang Yusuf ing taun kang kapindhone, ature: “Boten sisah kawula selak wonten ngarsanipun gusti kawula, sarehning arta sampun telas, sarta sawontenipun raja-kaya sampun katur sadaya dhateng gusti kawula, dados sampun boten wonten malih ingkang kawula aturaken ing ngarsanipun gusti kawula, kejawi namung badan kawula saha pasiten kawula.

19. Punapa kawula sami kedah pejah wonten ngarsanipun gusti kawula, inggih kawula dalah pasiten kawula? Panjenengan dalem mugi karsaa mundhut badan saha pasiten kawula kalintonana tedha, dene kawula dalah pasiten kawula badhe lumados dhateng Sang Prabu Pringon. Sarta malih panjenengan dalem mugi karsaa maringi winih, supados kawula sami gesang, sampun ngantos pejah, saha bumi ing ngriki sampun ngantos dados cengkar.”

20. Sang Yusuf banjur mundhut kabeh tanahe wong Mesir dadi kagungane Sang Prabu Pringon, awitdene siji-sijine wong Mesir padha ngedol pategalane marga saka bangeting pailan kang dialami. Kaya mangkono satanah kabeh dadi kagungane Sang Prabu Pringon.

21. Dene mungguh rakyate iku padha dimagawekake wiwit saka wates sisih kene nganti tekan wates sisih kana.

22. Mung bumi darbeke para imam iku ora dipundhut, marga para imam iku padha tampa cadhong tetep saka Sang Prabu Pringon, sarta anggone padha mangan saka peparinge Sang Prabu Pringon iku, mulane padha ora ngedol palemahane.

maca bab lengkap Purwaning Dumadi 47