Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Purwaning Dumadi 47:1-15 Kitab Sutji (JAV)

1. Sawuse mangkono Sang Yusuf banjur sowan ngunjuki uninga marang Sang Prabu Pringon, unjuke: “Bapa kawula kaliyan para sadherek kawula sampun sami dhateng saking tanah Kanaan mbekta menda saha lembunipun punapa dene sabarang gadhahanipun sadaya, sapunika wonten ing tanah Gosyen.”

2. Para sadhereke ana lima kang diajak ngadhep Sang Prabu Pringon.

3. Sang Prabu Pringon tumuli ndangu marang para sadhereke Sang Yusuf mau: “Apa kang dadi panggaotanira?” Unjuke kang kadangu marang Sang Prabu Pringon: “Abdi dalem sami tiyang angen menda ugi para leluhur kawula.”

4. Karomaneh unjuke marang Sang Prabu Pringon: “Dhateng kawula badhe sami dados tiyang neneka wonten ing tanah ngriki, margi sampun boten wonten pangenan kangge menda-menda gadhahanipun dalem, awitdene tanah Kanaan ngrika kambah pailan ngedab-edabi, pramila abdi dalem mugi sami kelilana manggen wonten ing tanah Gosyen.”

5. Sang Prabu Pringon banjur ngandika marang Sang Yusuf: “Bapakira lan sadulurira padha nekani sira,

6. tanah Mesir iki ngeblag tumrap sira. Bapakira lan sadulurira tuduhana panggonan kang becik dhewe, kareben padha manggon ana ing tanah Gosyen. Dene manawa sira weruh ing saantarane panunggalanira ana kang trengginas, padha sira dadekna pemimpin pangoning raja-kaya kagunganingsun.”

7. Sang Yusuf tumuli uga ngirid kang Rama Yakub sowan ing ngarsane Sang Prabu Pringon. Rama Yakub nyuwunake berkah Sang Prabu Pringon.

8. Pandangune Sang Prabu Pringon marang Rama Yakub: “Sampeyan sampun umur pinten taun?”

9. Unjuke Rama Yakub marang Sang Prabu Pringon: “Etanging taun-taun anggen kawula nglembara dados tiyang neneka punika satus tigang dasa taun. Cacahing taunipun gesang kawula namung sakedhik, nanging kathah karibedanipun; boten saged nututi umuripun para leluhur kawula ing nalikanipun sami nglembara dados tiyang neneka.”

10. Rama Yakub tumuli nyuwunake berkah Sang Prabu Pringon; sawuse iku banjur mundur saka ngarsane Sang Prabu Pringon.

11. Sang Yusuf tumuli mrenahake pamanggone kang rama lan sadulur-sadulure, padha diedumi wewenang nduweni bumi ana ing kono, kaya kang kadhawuhake dening Sang Prabu Pringon.

12. Karodene Sang Yusuf nyekapi panggesangane kang rama, sadherek-sadhereke lan sabrayate kang rama, miturut cacahe anak-anake.

13. Ing saindenging nagara kono ora ana pangan, marga pailane luwih dening abot, nganti wong satanah Mesir lan satanah Kanaan padha nglentere lan lemes dening pailan mau.

14. Sang Yusuf nuli nglempakake dhuwit kang ketemu ana ing tanah Mesir lan ing tanah Kanaan, yaiku dhuwit patukone gandum; dene dhuwit-dhuwite mau digawa mlebu menyang ing kratone Sang Prabu Pringon.

15. Bareng ing tanah Mesir lan ing tanah Kanaan wus ora ana dhuwit, wong-wong Mesir padha seba marang ing ngarsane Sang Yusuf sarta matur: “Kawula mugi panjenengan dalem paringi tedha, punapa kawula kedah pejah wonten ngarsa dalem ngriki? Margi sampun sami boten gadhah arta malih.”

maca bab lengkap Purwaning Dumadi 47