Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Purwaning Dumadi 45:21-27 Kitab Sutji (JAV)

21. Para putrane Rama Israel tumuli padha nglakoni mangkono, sarta padha diparingi kreta dening Sang Yusuf miturut dhawuhe Sang Prabu Pringon, uga padha diparingi sangu kanggo ana ing dalan.

22. Karomaneh siji-sijine diparingi panganggo sapangadeg lan Benyamin diparingi telung atus dhuwit salaka lan sandhangan limang pangadeg.

23. Kajaba iku kang rama iya dikirimi kuldi lanang sepuluh, dimomoti barang-barang kang becik dhewe ana ing Mesir, apamaneh kuldi wadon sepuluh, dimomoti gandum, roti lan sangu liyane kagem ramane ana ing dalan.

24. Sadhereke banjur padha dililani budhal, sarta diweling mangkene: “Ana ing dalan aja padha tutuh-tinutuh!”

25. Kaya mangkono anggone padha budhal saka ing tanah Mesir lan banjur tekan ing tanahh Kanaan, ing ngarsana Rama Yakub kang rama.

26. Tumuli padha carita, ature: “Yusuf taksih gesang, malah jumeneng pangageng nguwaosi satanah Mesir sadaya!” Nanging Rama Yakub ora maelu, marga ora ngandel marang ature para putrane.

27. Nanging bareng wus diaturi sakehe piwelinge Sang Yusuf, sarta bareng mirsani kreta kintunane Sang Yusuf kanggo methuk, semangate Rama Yakub, ramane dadi pulih maneh.

maca bab lengkap Purwaning Dumadi 45