Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Purwaning Dumadi 45:12-21 Kitab Sutji (JAV)

12. Lah kowe lan adhiku Benyamin wus padha ndeleng dhewe, yen kang ngandhani kowe kabeh iki aku dhewe.

13. Marga saka iku ramaku critanana bab kaluhuranku ana ing tanah Mesir kene, lan sabarang kang wus padha kokdeleng nuli dienggal ramaku dherekna mrene!”

14. Kang rayi Benyamin banjur dirangkul gulune kanthi muwun, sarta Benyamin iya nangis ana ing astane Sang Yusuf.

15. Sang Yusuf banjur ngarasi lan ngrangkuli para sadhereke klawan muwun. Sawuse mangkono para sadhereke lagi padha guneman karo Sang Yusuf.

16. Nalika ana ing kedhatone Sang Prabu Pringon keprungu pawarta, yen sadherek-sadhereke Sang Yusuf padha teka, ndadekake keparenge Sang Prabu Pringon dalah para punggawane.

17. Sang Pringon banjur ngandika marang Sang Yusuf: “Tutura marang para sadulurira, padha nglakonana mangkene: Kewanmu padha momotana lan endang muliha menyang ing tanah Kanaan,

18. bapakira lan brayatira padha boyongana lan sowana mrene,ingsun bakal maringake apa kang becik dhewe ing tanah Mesir, sira bakal padha ngrasakake kemakmurane tanah kene.

19. Sabanjure sira tampa dhawuh supaya akona mangkene marang wong-wong mau: Padha nglakonana mangkene: Anggawaa kreta saka tanah Mesir kanggo anak-anakira lan somahira, bapakira sira papaga mrana, sarta endang sowana mrene!

20. Karomaneh sira aja padha rumangsa owel ninggal barang-barangira, awit apa kang becik dhewe ing tanah Mesir iki bakal dadi darbekira.”

21. Para putrane Rama Israel tumuli padha nglakoni mangkono, sarta padha diparingi kreta dening Sang Yusuf miturut dhawuhe Sang Prabu Pringon, uga padha diparingi sangu kanggo ana ing dalan.

maca bab lengkap Purwaning Dumadi 45