Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Purwaning Dumadi 44:7-21 Kitab Sutji (JAV)

7. Para sadhereke Sang Yusuf banjur padha mangsuli: “Kadospundi bendara kok ngandika makaten? Tinebihna saking kula sadaya, manawi ngantos nglampahana pratingkah kados makaten punika!

8. Lah arta anggen kula manggih wonten lebet bagor tumumpang ing nginggil, sampun kula bekta wangsul saking tanah Kanaan katur panjenengan, kados pundi dene kula ngantos mendhet mas utawi salaka saking dalemipun gusti panjenengan?

9. Sinten ingkang pinanggih kanggenan tuwung punika, mugi kapejahana, saha kula sadaya dadosa abdinipun gusti kula.”

10. Pangucape utusan mau: “Usulmu iku becik! Sapa kang ketemu kanggonan tuwung, iku dadi budhakku, lan liya-liyane padha ora salah.”

11. Tumuli siji-sijine enggal ngudhunake bagore ana ing lemah, sarta mbukaki bagore dhewe-dhewe.

12. Utusan mau banjur wiwit nggledhahi kanthi njlimet, kawiwitan saka kang tuwa nganti tumeka kang nom; wasana tuwunge ketemu ana ing bagore Benyamin.

13. Tumuli kabeh padha nyuwek panganggone, sarta siji-sijine padha ngemoti kuldine maneh, banjur padha bali menyang nagara.

14. Bareng Yehuda lan para sadulure padha tekan ig daleme Sang Yusuf, Sang Yusuf isih ana ing kono, tumuli padha sumungkem ing bumi ana ing ngarsane.

15. Sang Yusuf banjur ngandika marang para sadhereke: “Pratingkah apa kang padha koklakoni iku? Apa kowe padha ora ngreti, yen wong kaya aku iki mesthi bisa mbedhek?”

16. Ature Yehuda: “Kawula badhe munjuk punapa dhateng gusti kawula? Punapa iangkang badhe kawula lairaken? Saha kados pundi anggen kawula badhe ngleresaken badan kawula? Gusti allah sampun melehaken dhateng abdi dalem sadaya, lan kawula sami dados abdinipun gusti kawula, inggih kawula sadaya, inggih ingkang pinanggih kanggenan tuwung punika.”

17. Nanging pangandikane Sang Yusuf: “Iku adoha saka aku yen ta aku nganti nindakake kang mangkono! Wong kang ketemu kanggonan tuwung iku bae kang dadi budhakku, nangging kowe kabeh muliha menyang panggonane bapakmu kalawan slamet.”

18. Yehuda tumuli maju nyedhak sarta matur: “Kawula nuwun, dhuh gusti, abdi dalem mugi keparenga munjuk atur sakedhik wonten ngarsanipun gusti kawula, saha mugi sampun ngantos duka dhateng abdi dalem; amargi panjenengan dalem punika sami kados Sang Prabu Pringon.

19. Kala rumiyin gusti kawula ndangu dhateng ingkang abdi: Apa kowe isih padha duwe bapa utawa isih duwe sadulur?

20. Kawula lajeng munjuk dhateng gusti kawula: Inggih, abdi dalem taksih sami gadhah bapa ingkang sampun sepuh, sarta taksih wonten jejaka ingkang lairipun nalika pun bapa sampun sepuh; kakangipun sampun tilar donya, namung kantun satunggal punika ingkang tunggil biyung, mila lare wau sanget dipun tresnani dening bapa kawula.

21. Panjenengan dalem tumunten ngandika dhateng para abdi dalem: Adhimu iku gawanen seba menyang ngarepku kene, supaya aku bisa weruh.

maca bab lengkap Purwaning Dumadi 44