Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Purwaning Dumadi 44:30-34 Kitab Sutji (JAV)

30. Ingkang punika saupami kawula wangsul ing ngajengipun abdi dalem, bapa kawula, pun adhi boten tumut sareng kaliyan kawula, mangka bapa kawula punika boten saged gesang tanpa lare punika,

31. temtu badhe kadadosan, manawi sumerep pun adhi boten wonten, temtu lajeng nemahi pajah, sarta kawula sasedherek ingkang njalari abdi dalem bapa kawula ingkang sampun uwanen punika mandhap dhateng ing teleng palimengan margi saking sedhih.

32. Nanging abdi dalem ingkang nanggel lare punika wonten ing ngajengipun bapa kawula; atur kawula makaten: Manawi pun adhi boten kula antukaken wonten ing ngarsanipun bapak, kula ingkang nandhang dosa dhateng bapak ing salaminipun.

33. Milanipun sapunika mugi abdi dalem kalilana kantun dados abdinipun gusti kawula minangka gegentosipun lare punika, sarta lare punika mugi keparengna lumampah wangsul sareng kaliyan para sadherekipun.

34. Awitdene kados pundi anggen kawula saged lumampah wangsul pinanggih bapa kawula, manawi lare punika boten tumut sareng kaliyan kawula; kawula boten mentala ningali kasisahan ingkang badhe tumempuh dhateng bapa kawula.”

maca bab lengkap Purwaning Dumadi 44