Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Purwaning Dumadi 44:17-32 Kitab Sutji (JAV)

17. Nanging pangandikane Sang Yusuf: “Iku adoha saka aku yen ta aku nganti nindakake kang mangkono! Wong kang ketemu kanggonan tuwung iku bae kang dadi budhakku, nangging kowe kabeh muliha menyang panggonane bapakmu kalawan slamet.”

18. Yehuda tumuli maju nyedhak sarta matur: “Kawula nuwun, dhuh gusti, abdi dalem mugi keparenga munjuk atur sakedhik wonten ngarsanipun gusti kawula, saha mugi sampun ngantos duka dhateng abdi dalem; amargi panjenengan dalem punika sami kados Sang Prabu Pringon.

19. Kala rumiyin gusti kawula ndangu dhateng ingkang abdi: Apa kowe isih padha duwe bapa utawa isih duwe sadulur?

20. Kawula lajeng munjuk dhateng gusti kawula: Inggih, abdi dalem taksih sami gadhah bapa ingkang sampun sepuh, sarta taksih wonten jejaka ingkang lairipun nalika pun bapa sampun sepuh; kakangipun sampun tilar donya, namung kantun satunggal punika ingkang tunggil biyung, mila lare wau sanget dipun tresnani dening bapa kawula.

21. Panjenengan dalem tumunten ngandika dhateng para abdi dalem: Adhimu iku gawanen seba menyang ngarepku kene, supaya aku bisa weruh.

22. Kawula lajeng munjuk dhateng gusti kawula: Pun adhi temtu boten saged nilar bapa kawula, saupami bapa kawula katilar temtu nemahi pejah.

23. Ing ngriku panjenengan dalem ngandika malih dhateng para abdi dalem: Manawa adhimu kang wuragil iku ora melu kowe mrene, kowe padha ora kena sowan marang ing ngarsaku maneh.

24. Wondene sareng kawula sampun sami wangsul wonten ing ngajenganing abdi dalem, bapakipun dalem, tumunten kawula cariyosi menggah dhawuh pangandikanipun gusti kawula.

25. Bapa kawula lajeng wicanten: Padha balia maneh, nempura sathithik kanggo kita.

26. Nanging kawula lajeng sami mangsuli: Kula boten saged mrika malih. Manawi adhi kula ingkang wuragil tumut, kula inggih badhe mangkat mrika, margi kula boten kalilan sowan dhateng ngarsanipun priyagung punika, manawi adhi kula ingkang wuragil boten tumut.

27. Abdi dalem bapa kawul atumunten wicanten dhateng kawula: Kowe padha ngreti yen bojoku iku anggone duwe anak karo aku mung loro.

28. Kang siji wus lunga ora bali, pangiraku: temtu wus ditubruk ing sato galak, saprene aku wus ora weruh maneh.

29. Yen bocah sijine iku padha kokgawa lunga pisah karo aku, mangka ngalami kacilakan, dadine kowe kang padha njalari aku kang wus uwanen iki mudhun menyang ing teleng palimengan marga saka cilaka.

30. Ingkang punika saupami kawula wangsul ing ngajengipun abdi dalem, bapa kawula, pun adhi boten tumut sareng kaliyan kawula, mangka bapa kawula punika boten saged gesang tanpa lare punika,

31. temtu badhe kadadosan, manawi sumerep pun adhi boten wonten, temtu lajeng nemahi pajah, sarta kawula sasedherek ingkang njalari abdi dalem bapa kawula ingkang sampun uwanen punika mandhap dhateng ing teleng palimengan margi saking sedhih.

32. Nanging abdi dalem ingkang nanggel lare punika wonten ing ngajengipun bapa kawula; atur kawula makaten: Manawi pun adhi boten kula antukaken wonten ing ngarsanipun bapak, kula ingkang nandhang dosa dhateng bapak ing salaminipun.

maca bab lengkap Purwaning Dumadi 44