Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Purwaning Dumadi 44:1-12 Kitab Sutji (JAV)

1. Sawuse mangkono Sang Yusuf banjur dhawuh marang kang nguwasani daleme, pangandikane: “Bagore wong-wong iku isinana gandum ing sakuwate anggone nggawa, lan dhuwite siji-sijine dokokna ing jero bagor tumumpang ing dhuwure.

2. Lan tuwungku, tuwung selaka iku dokokna ing jerone bagore kang wuragil tumpangna ing dhuwur dalah dhuwit patukone gandum.” Abdi mau iya banjur nglakoni apa sadhawuhe Sang Yusuf.

3. Esuke bareng wus bangun raina, para sadhereke Sang Yusuf dililani budhal dalah kuldi-kuldine.

4. Nanging lagi tekan sajabane kutha, durung adoh, Sang Yusuf dhawuh marang abdi kang nguwasani daleme: “Dienggal, wong-wong mau oyaken, dene samangsa wus kecandhak padha tuturana mangkene: Yagene kowe males ala marang panggawa becik?

5. Iki rak tuwung pangunjukane gustiku, lan kang adate kagem mbebedhek? Ala temen pratingkahmu kang mengkono iku.”

6. Bareng wus padha ketututan, iya banjur dituturi kaya saprentahe Sang Yusuf.

7. Para sadhereke Sang Yusuf banjur padha mangsuli: “Kadospundi bendara kok ngandika makaten? Tinebihna saking kula sadaya, manawi ngantos nglampahana pratingkah kados makaten punika!

8. Lah arta anggen kula manggih wonten lebet bagor tumumpang ing nginggil, sampun kula bekta wangsul saking tanah Kanaan katur panjenengan, kados pundi dene kula ngantos mendhet mas utawi salaka saking dalemipun gusti panjenengan?

9. Sinten ingkang pinanggih kanggenan tuwung punika, mugi kapejahana, saha kula sadaya dadosa abdinipun gusti kula.”

10. Pangucape utusan mau: “Usulmu iku becik! Sapa kang ketemu kanggonan tuwung, iku dadi budhakku, lan liya-liyane padha ora salah.”

11. Tumuli siji-sijine enggal ngudhunake bagore ana ing lemah, sarta mbukaki bagore dhewe-dhewe.

12. Utusan mau banjur wiwit nggledhahi kanthi njlimet, kawiwitan saka kang tuwa nganti tumeka kang nom; wasana tuwunge ketemu ana ing bagore Benyamin.

maca bab lengkap Purwaning Dumadi 44