Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Purwaning Dumadi 43:25-34 Kitab Sutji (JAV)

25. Tumuli padha nyawisake atur-ature, karo ngenteni kondure Sang Yusuf ing wayah awan; awitdene wus padha ngerti yen bakal padha mangan ana kono.

26. Sakondure Sang Yusuf, banjur disaosi atur-atur gawane, kagawa lumebu menyang ing dalem, lan padha sumungkem ing bumi ana ing ngarsane.

27. Banjur padha didangu bab kaslametane sarta pangandikane: “Bapakmu kang wus tuwa kang kokcaritakake biyen iku apa slamet? Apa isih urip?”

28. Ature para sadhereke: “Abdi dalem bapa kawula wilujeng, taksih gesang.” Banjur padha jengkeng lan tumungkul.

29. Sang Yusuf bareng mirsani Benyamin rayine, tunggil ibu, tumuli ngandika: “Apa iku adhimu kang wuragil, kang kokcaritakake marang aku biyen?” Sarta ngandika maneh: “O, engger, Gusti Allah muga ngganjara sihrahmat marang kowe.”

30. Sang Yusuf dumadakan nilar papan kono, marga panggalihe ngeres lan karanta-ranta saka kangene marang kang rayi, banjur golek papan kanggo muwun, tumuli lumebet ing kamar, muwun ana ing kono.

31. Sawuse banjur suryan lan miyos, ngampet panggalihe sarta ngandika: “Padha ladena dhaharan!”

32. Dhaharan banjur kaladekake, Sang Yusuf disaosi piyambak, para sadhereke dhewe, lan wong Mesir kang padha ndherek mangan iya dhewe, marga wong Mesir iku ora kena kembul mangan karo wong Ibrani, prakara mangkono kalebu kanisthan tumrap wong Mesir.

33. Lungguhe para sadhereke iku ana ing ngarsane Sang Yusuf wiwit kang pambajeng tumeka kang wuragil urut tuwa, temahan para sadhereke padha pandeng-pandengan klawan gumun.

34. Sang Yusuf banjur dhawuh maringake dhaharan saka ing mejane marang para sadhereke, nanging pandumane Benyamin tikel lima tinimbang liyane. Karodene padha ngombe lan suka rena bareng karo Sang Yusuf.

maca bab lengkap Purwaning Dumadi 43