Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Purwaning Dumadi 42:25-38 Kitab Sutji (JAV)

25. Sawuse iku Sang Yusuf banjur dhawuh, bagore padha kaisenana gandum lan dhuwite supaya dibalekake, siji-sijine ing bagore dhewe-dhewe, sarta maneh supaya padha diparingana sangu kanggo mulihe.

26. Gandume tumuli dimotake ing kuldine, banjur padha mangkat saka ing kono.

27. Satekane ing pondhokan, bareng salah siji mbukak bagore arep makani kuldine, nuli weruh duwite ana ing jero bagor tumumpang ing dhuwur gandum.

28. Celathune marang para sadulure: “Dhuwitku dibalekake, delengen, ana ing jero bagorku!” Ing kono kabeh padha entek atine, padha pandeng-pandengan kalawan dheg-dhegan sarta ngucap: “Apa bae kang ditandukake Gusti Allah marang kita iki?”

29. Bareng wis tekan ing Kanaan ing daleme Rama Yakub, kang rama, banjur padha nyaritakake kabeh apa kang wus dialami, ature:

30. Priyantun ageng ingkang nguwaosi nagari ngrika punika, anggenipun ngandikani kula kaliyan nyentak-nyentak, kula sami dipun dakwa badhe nelik nagarinipun.

31. Nanging kula lajeng sami matur: Kula punika tiyang temen, sanes telik,

32. kula sasedherek waunipun sadaya kalih welas sami tunggil bapa, satunggal sampun boten wonten, ingkang satunggal wuragil kantun wonten griyanipun bapa kula ing tanah Kanaan.

33. Priyantunipun ingkang nguwaosi negari ngrika lajeng ngandika malih: Anggonku weruh yen kowe padha won temen iku titikane mangkene: Salah sijine sadulurmu karia kene, liyane muliha karo nggawa gandum kanggo tamba luwene brayatmu.

34. Adhimu kang wuragil gawanen mrene, dadi aku bakal weruh yen kowe padha wong temen, dudu telik, nuli sadulurmu mau bakal dakbalekake maneh marang kowe, lan kowe bakal padha kalilan ndlajahi tanah kene.”

35. Kacarita bareng bagore padha disuntak, siji-sijine nemu kantonge dhuwit ana ing bagore dhewe-dhewe; bareng padha weruh buntelan dhuwit mau, kang rama dalah putra-putra padha dheg-dhegan.

36. Rama Yakub, kang ramane tumuli ngandika marang para putrane: “Kowe iku padha njalari ilange anak-anakku. Yusuf wus ora ana, Simeon samono uga, saiki Benyamin arep kokgawa; aku kang kabregan iku kabeh!”

37. Ruben banjur matur marang kang rama: “Anak kula jaler kalih sumangga kapejahana manawi piyambakipun boten kula wangsulaken dhateng rama. Sampun ta, kula aturi masrahaken dhateng kula, mangke kula ingkang badhe mangsulaken dhateng rama.”

38. Ewadene wangsulane Rama Yakub: “Anakku mesthi ora bakal melu kowe mrana, awitdene kakangne wus mati, adhine kari ijen, dadi kowe kang padha njalari aku, kang wus uwanen iki mudhun menyang ing teleng palimengan marga saka susah.”

maca bab lengkap Purwaning Dumadi 42