Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Purwaning Dumadi 42:2-16 Kitab Sutji (JAV)

2. Karomaneh pangandikane: “Aku krungu kabar yen ing Mesir ana gandum, bok kowe padha mrana, nempura gandum kanggo kita, supaya kita padha bisa lestaria urip, aja nganti mati.”

3. Sadhereke Sang Yusuf sapuluh banjur padha budhal menyang Mesir nempur.

4. Nanging Yakub ora marengake Benyamin, rayine Sang Yusuf, melu para sadulure, sabab kagungan panggalih: “Bokmanawa nemu alangan mengko.”

5. Dadi ing antarane wong-wong kang padha nempur gandum mau kalebu uga para putrane Israel, marga tanah Kanaan uga wus kambah ing pailan.

6. Nalika iku Sang Yusuf wus jumeneng patih ana ing nagara kono, lan iya panjenengane iku kang nempurake gandum marang rakyat ing kono kabeh. Dadi nalika para sadhereke Sang Yusuf teka, iya kudu sowan ing ngarsane klawan sumungkem ing bumi.

7. Bareng Sang Yusuf mirsa para sadhereke, ora pangling, nanging Sang Yusuf ethok-ethok ora ngretos, malah disentak sarta dipangandikani: “Kowe kabeh iku saka ngendi?” Ature kang kadangu: “Saking tanah Kanaan, badhe nempur.”

8. Pancen Sang Yusuf ora pangling marang para sadhereke, nanging para sadhereke padha pangling marang panjenengane.

9. Sang Yusuf tumuli kengetan marang supenane ing bab para sadhereke. Bajur ngandika maneh: “Kowe iku mesthi telik, tekamu mrene arep nitik-nitik ngendi panggonan kang ora dijaga.”

10. Ature para sadhereke: “Boten Gusti! Sowanipun dalem punika namung badhe nempur.

11. Kawula sdaya punika sami tunggil bapa, sami tiyang temen, abdi dalem sanes telik.”

12. Nanging pangandikane Sang Yusuf marang para sadhereke: “Ora! Tekamu mrene mesthi arep nelik nagara kene iki endi sing ora dijaga.”

13. Ature para sadhereke: “Abdi dalem punika tunggilipun kalih welas jaler sadaya, sami tunggil bapa wonten ing tanah Kanaan, nanging ingkang wuragil sapunika kantun wontening panggenanipun bapa kawula, dene ingkang setunggal sampun boten wonten.”

14. Ing kono Sang Yusuf ngandika maneh: “Wus cukup; kaya kang wus dakkandhakake mau, kowe iku padha telik.

15. Ing bab prakara iki kowe kudu katiti-priksa, demi sugenge Sang Prabu Pringon, kowe mesthi bakal ora bisa padha lunga saka ing kene, yen sadulurmu wuragil iku ora teka mrene.

16. Salah siji panunggalanmu konen marani adhimu, dene liyane kari ana ing kene, ditahan; temah tembungmu bakal ketitik, apa kowe pancen temen; dene manawa ora, demi sugenge Sang Prabu Pringon, mesthi kowe iku padha dadi telik.”

maca bab lengkap Purwaning Dumadi 42