Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Purwaning Dumadi 42:16-26 Kitab Sutji (JAV)

16. Salah siji panunggalanmu konen marani adhimu, dene liyane kari ana ing kene, ditahan; temah tembungmu bakal ketitik, apa kowe pancen temen; dene manawa ora, demi sugenge Sang Prabu Pringon, mesthi kowe iku padha dadi telik.”

17. Para sadhereke Sang Yusuf kabeh padha bebarengan kalebokake ing tahanan telung dina lawase.

18. Bareng telung dinane Sang Yusuf ngandika marang para sadhereke: “Kowe padha nglakonana mangkene, supaya bisa urip, aku bekti marang Gusti Allah.

19. Manawa kowe pancen wont temen, salah sijine panunggalanmu kareben kari ana ing tahanan kene, nanging liyane muliha, nggawaa gandum kanggo tamba luwene brayatmu!

20. Nanging adhimu kang wuragil iku sebakna marang ing ngarepku, supaya kandhamu iku katitika manawa bener lan kowe bakal ora kaukum pati.”

21. Para sadhereke banjur padha rerasanan: “Iki nyata wohing dosa kita marang adhi kita, kita rak padha kelingan ta, nalika sesambat melas-asih marang kita, nanging kita padha ora ngrewes, iya iku nalare kita padha katekan karibedan iki.”

22. Ruben tumuli mangsuli: “Biyen mula kowe rak wis dakkandhani, aja gawe dosa marang bocah iku, nanging kowe padha ora ngrungokake. Saiki lah iya iki pepulihing getihe.”

23. Anadene kang padha guneman mau ora weruh yen Sang Yusuf iya ngretos, marga nganggo lantaran juru basa.

24. Sang Yusuf banjur nilar para sadhereke, tumuli muwun; sawuse iku banjur wangsul sarta ngandikan maneh karo para sadhereke. Simeon banjur dicekel saka antarane lan dibanda kaweruhan ing sadulure kabeh.

25. Sawuse iku Sang Yusuf banjur dhawuh, bagore padha kaisenana gandum lan dhuwite supaya dibalekake, siji-sijine ing bagore dhewe-dhewe, sarta maneh supaya padha diparingana sangu kanggo mulihe.

26. Gandume tumuli dimotake ing kuldine, banjur padha mangkat saka ing kono.

maca bab lengkap Purwaning Dumadi 42