Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Purwaning Dumadi 41:45-56 Kitab Sutji (JAV)

45. Yusuf tumuli diparingi jeneng: Zafnat-Paaneakh sarta diparingi Sang Putri Asnat putrane putri Sang Potifera, imam ing On, dadi garwane. Kaya mangkono Sang Yusuf banjur wiwit nguwaosi satanah Mesir kabeh.

46. Sang Yusuf mbeneri yuswa telung puluh taun nalika ngadhep ana ing ngarsane Sang Prabu Pringon raja ing Mesir mau. Sang Yusuf tumuli mundur saka ngarsane Sang Prabu Pringon tindak ndlajahi satanah Mesir kabeh.

47. Anadene sasuwene pitung taun mangsane murah pangan iku pametune bumi nganti tumpuk undhung,

48. Sang Yusuf banjur nglempakake sarupane pangan sajrone pitung taun kang luber iku, sarta pangan iku disimpen ana ing kutha-kutha; saben kutha dianggo nyimpen pangan pametune wewengkone dhewe-dhewe.

49. Kaya mangkono Sang Yusuf anggone tandho pangan kehe nganti kaya wedhine sagara saka akehe, olehe ngetung nganti mandheg, marga wus ora kena dietung maneh.

50. Sadurunge tekan ing mangsa pailan, Sang Yusuf wus kaparingan putra loro patutan saka Sang Putri Asnat putrane Sang Potifera, imam ing On.

51. Sang Yusuf maringi asma marang putrane kang pembajeng: Manasye, awit pangandikane: “Gusti Allah wus ndadekake aku lali marang sakabehe kasusahanku lan kulawargane bapakku.”

52. Dene kang nomer loro iku diparingi asma: Efraim, awit pangandikane: “Gusti Allah wus maringi anak marang aku ana ing nagaraning kasangsaranku.”

53. Bareng wus kelakon pitung taun mangsane murah pangan ana ing tanah Mesir,

54. nuli wiwit mangsa pailan pitung taun lawase, kaya kang wus kapangandikakake dening Sang Yusuf; satemah kabeh padha kambah paceklik, mung sawratane tanah Mesir ana pangan.

55. Dene bareng wong satanah Mesir padha kekurangan pangan, lan rakyat padha sambat nyuwun pangan marang Sang Prabu Pringon, Sang Prabu Pringon banjur ndawuhi marang wong Mesir kabeh: “Padha maranana Yusuf, nglakonana apa saprentahe marang sira!”

56. Pailan iku nyrambahi ing sajagad kabeh; Sang Yusuf tumuli mbikak sakehe gudhang patandhon lan nempurake gandum marang wong Mesir, marga tanah Mesir iku sangsaya banget anggone kambah pailan.

maca bab lengkap Purwaning Dumadi 41