Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Purwaning Dumadi 41:41-50 Kitab Sutji (JAV)

41. Karomaneh pangandikane Sang Prabu Pringon marang Yusuf: “Lah sira sunangkat dadi kang mengku satanah Mesir kabeh.”

42. Sang Prabu Pringon tumuli nglolos sesupune cap saka astane banjur dianggokake ing drijine Yusuf, sarta dianggoni sandhangan mori alus lan gulune dikalungi kalung mas.

43. Karodene ditunggangake ing kreta titihane piyambak kang nomer loro, sarta ing ngarepe ana kang alok-alok: “Hurmat!” Mangkono anggone Yusuf diangkat dening Sang Prabu Pringon dadi kang mengku satanah Mesir kabeh.

44. Sang Prabu Pringon tumuli ngandika marang Yusuf: “Ingsun iki Sang Prabu Pringon, nanging ing satanah Mesir kene ora kena ana wong kang tumindak apa-apa, kajaba saka palilahira.”

45. Yusuf tumuli diparingi jeneng: Zafnat-Paaneakh sarta diparingi Sang Putri Asnat putrane putri Sang Potifera, imam ing On, dadi garwane. Kaya mangkono Sang Yusuf banjur wiwit nguwaosi satanah Mesir kabeh.

46. Sang Yusuf mbeneri yuswa telung puluh taun nalika ngadhep ana ing ngarsane Sang Prabu Pringon raja ing Mesir mau. Sang Yusuf tumuli mundur saka ngarsane Sang Prabu Pringon tindak ndlajahi satanah Mesir kabeh.

47. Anadene sasuwene pitung taun mangsane murah pangan iku pametune bumi nganti tumpuk undhung,

48. Sang Yusuf banjur nglempakake sarupane pangan sajrone pitung taun kang luber iku, sarta pangan iku disimpen ana ing kutha-kutha; saben kutha dianggo nyimpen pangan pametune wewengkone dhewe-dhewe.

49. Kaya mangkono Sang Yusuf anggone tandho pangan kehe nganti kaya wedhine sagara saka akehe, olehe ngetung nganti mandheg, marga wus ora kena dietung maneh.

50. Sadurunge tekan ing mangsa pailan, Sang Yusuf wus kaparingan putra loro patutan saka Sang Putri Asnat putrane Sang Potifera, imam ing On.

maca bab lengkap Purwaning Dumadi 41