Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Purwaning Dumadi 41:35-49 Kitab Sutji (JAV)

35. Sami kadhawuhana nglempakaken sawarnining bahan tedha ing salebetipun taun-taun sae ingkang badhe kalampahan punika, saha nandhoa gandum ingkang dados kagunganipun Sang Prabu Pringon, kasimpena ing kitha-kangge tandhon tedha.

36. Kalayan makaten sadaya bahan tedha wau lajeng dados tandhon kangge kaperluaning nagari punika salaminipun pailan pitung taun ingkang badhe kalampahan wonten ing tanah Mesir, supados nagari punika sampun ngantos risak margi wontenipun pailan punika.”

37. Atur pirembag kang mangkono iku didhahar dening Sang Prabu Pringon dalah sakehe para punggawane.

38. Sang Prabu Pringon banjur ngandika marang para punggawane: “Apa iya kita bisa nemu wong kang kadunungan Rohing Allah kaya iki?”

39. Sang Prabu Pringon tumuli ngandika marang Yusuf: “Sarehne Gusti Alalh wus paring sumurup marang sira, dadi ora ana wong kang lantip lan wicaksana kaya sira.

40. Mulane sira kang nguwasanana kadhatoningsun, sarta sakehe para kawulaningsun kabeh ngestokna prentahira, mung marga saka dhampar iki bae anggoningsun ngungkuli sira.”

41. Karomaneh pangandikane Sang Prabu Pringon marang Yusuf: “Lah sira sunangkat dadi kang mengku satanah Mesir kabeh.”

42. Sang Prabu Pringon tumuli nglolos sesupune cap saka astane banjur dianggokake ing drijine Yusuf, sarta dianggoni sandhangan mori alus lan gulune dikalungi kalung mas.

43. Karodene ditunggangake ing kreta titihane piyambak kang nomer loro, sarta ing ngarepe ana kang alok-alok: “Hurmat!” Mangkono anggone Yusuf diangkat dening Sang Prabu Pringon dadi kang mengku satanah Mesir kabeh.

44. Sang Prabu Pringon tumuli ngandika marang Yusuf: “Ingsun iki Sang Prabu Pringon, nanging ing satanah Mesir kene ora kena ana wong kang tumindak apa-apa, kajaba saka palilahira.”

45. Yusuf tumuli diparingi jeneng: Zafnat-Paaneakh sarta diparingi Sang Putri Asnat putrane putri Sang Potifera, imam ing On, dadi garwane. Kaya mangkono Sang Yusuf banjur wiwit nguwaosi satanah Mesir kabeh.

46. Sang Yusuf mbeneri yuswa telung puluh taun nalika ngadhep ana ing ngarsane Sang Prabu Pringon raja ing Mesir mau. Sang Yusuf tumuli mundur saka ngarsane Sang Prabu Pringon tindak ndlajahi satanah Mesir kabeh.

47. Anadene sasuwene pitung taun mangsane murah pangan iku pametune bumi nganti tumpuk undhung,

48. Sang Yusuf banjur nglempakake sarupane pangan sajrone pitung taun kang luber iku, sarta pangan iku disimpen ana ing kutha-kutha; saben kutha dianggo nyimpen pangan pametune wewengkone dhewe-dhewe.

49. Kaya mangkono Sang Yusuf anggone tandho pangan kehe nganti kaya wedhine sagara saka akehe, olehe ngetung nganti mandheg, marga wus ora kena dietung maneh.

maca bab lengkap Purwaning Dumadi 41