Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Purwaning Dumadi 41:29-44 Kitab Sutji (JAV)

29. Kauningana, gusti, pitung taun ingkang badhe kalampahan punika badhe mirah tedha ingkang kelangkung-langkung ing sawradinipun tanah Mesir.

30. Nanging sasampunipun punika badhe wonten pailan pitung taun laminipun, ing ngriku tiyang-tiyang Mesir sampun sami kesupen bab kaluberan ingkang sampun, margi pailan wau badhe damel risakipun nagari punika.

31. Kaluberan ingkang kapengker sampun boten katawis tilasipun wonten ing tanah punika, awit saking pailan ingkang nusul wau langkung dening awratipun.

32. Wondene supenan wau dipun wangsuli ngantos rambah kaping kalih punika kagem Sang Prabu Pringon ateges: bilih prakawis punika sampun dados keputusanipun Gusti Allah, saha Gusti Allah temtu tumunten enggal badhe nindakaken.

33. Ingkang punika, dhuh Sang Prabu Pringon, mugi karsaa matah salah satunggaling tiyang ingkang lantip saha wicaksana, kadhawuhana mengku satanah Mesir.

34. Kajawi punika Sang Prabu Pringon ugi nindakna makaten: inggih punika ngangkat para juru niti-priksa wonteng ing nagari ngriki, saha karsaa mundhut sapragangsalipun pamedaling tanah ing salaminipun mangsa mirah tedha pitung taun punika.

35. Sami kadhawuhana nglempakaken sawarnining bahan tedha ing salebetipun taun-taun sae ingkang badhe kalampahan punika, saha nandhoa gandum ingkang dados kagunganipun Sang Prabu Pringon, kasimpena ing kitha-kangge tandhon tedha.

36. Kalayan makaten sadaya bahan tedha wau lajeng dados tandhon kangge kaperluaning nagari punika salaminipun pailan pitung taun ingkang badhe kalampahan wonten ing tanah Mesir, supados nagari punika sampun ngantos risak margi wontenipun pailan punika.”

37. Atur pirembag kang mangkono iku didhahar dening Sang Prabu Pringon dalah sakehe para punggawane.

38. Sang Prabu Pringon banjur ngandika marang para punggawane: “Apa iya kita bisa nemu wong kang kadunungan Rohing Allah kaya iki?”

39. Sang Prabu Pringon tumuli ngandika marang Yusuf: “Sarehne Gusti Alalh wus paring sumurup marang sira, dadi ora ana wong kang lantip lan wicaksana kaya sira.

40. Mulane sira kang nguwasanana kadhatoningsun, sarta sakehe para kawulaningsun kabeh ngestokna prentahira, mung marga saka dhampar iki bae anggoningsun ngungkuli sira.”

41. Karomaneh pangandikane Sang Prabu Pringon marang Yusuf: “Lah sira sunangkat dadi kang mengku satanah Mesir kabeh.”

42. Sang Prabu Pringon tumuli nglolos sesupune cap saka astane banjur dianggokake ing drijine Yusuf, sarta dianggoni sandhangan mori alus lan gulune dikalungi kalung mas.

43. Karodene ditunggangake ing kreta titihane piyambak kang nomer loro, sarta ing ngarepe ana kang alok-alok: “Hurmat!” Mangkono anggone Yusuf diangkat dening Sang Prabu Pringon dadi kang mengku satanah Mesir kabeh.

44. Sang Prabu Pringon tumuli ngandika marang Yusuf: “Ingsun iki Sang Prabu Pringon, nanging ing satanah Mesir kene ora kena ana wong kang tumindak apa-apa, kajaba saka palilahira.”

maca bab lengkap Purwaning Dumadi 41