Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Purwaning Dumadi 41:18-36 Kitab Sutji (JAV)

18. lah nuli ana sapi pitu mentas saka ing bengawan mau, awake lemu-lemu lan becik-becik rupane, banjur padha nyenggut ana ing pinggir bengawan kono.

19. Sawuse mangkono tumuli ana sapi pitu liyane mentas, padha gering-gering lan ala rupane, ana ing satanah Mesir ingsun durung tau tumon sapi kang alane kaya mangkono iku.

20. Nanging sapi kang kuru lan ala iku banjur padha mangsa sapi lemu kang dhisik mau.

21. Sawuse sapi-sapi mau kalebu ing wetenge, iya ora katara yen wus klebon, sawangane isih padha bae kaya maune, ing kono ingsun banjur nglilir.

22. Sabanjure ing sajrone supena ingsun mirsani, ana wulen pitu thukul saka dami siji, padha mentes-mentes lan becik rupane.

23. Banjur ana wulen pitu kang gering, kuru lan geseng dening angin wetan.

24. Nanging wulen kang garing mau banjur padha nguntal wulen kang mentes-mentes mau. Prakara iki wus suncaritakake marang para sarjana, nanging siji bae ora ana kang bisa ngaturi katrangan marang ingsun.”

25. Yusuf tumuli munjuk marang Sang Prabu Pringon: “Supenan dalem kekalih punika tegesipun sami. Gusti Allah paring uninga dhateng panjenengan dalem Sang Prabu Pringon, punapa ingkang badhe dipun tindakaken.

26. Menggah lembu pitu ingkang sae punika ibaratipun pitung taun, saha wulen gandum pitu ingkang sae punika inggih ugi pitung taun; supenan kekalih punika sami.

27. Dene lembu pitu ingkang kera lan awon ingkang sami mentas kantun, ibaratipun inggih pitung taun, sarta wulen gandum pitu ingkang gabug saha geseng dening angin wetan punika, ngibarati badhe wontenipun pailan pitung taun.

28. Inggih kados unjuk kawula dhateng Sang Prabu Pringon wau, Gusti Allah sampun ngatingalaken dhateng Sang Prabu Pringon punapa ingkang badhe enggal dipun tindakaken.

29. Kauningana, gusti, pitung taun ingkang badhe kalampahan punika badhe mirah tedha ingkang kelangkung-langkung ing sawradinipun tanah Mesir.

30. Nanging sasampunipun punika badhe wonten pailan pitung taun laminipun, ing ngriku tiyang-tiyang Mesir sampun sami kesupen bab kaluberan ingkang sampun, margi pailan wau badhe damel risakipun nagari punika.

31. Kaluberan ingkang kapengker sampun boten katawis tilasipun wonten ing tanah punika, awit saking pailan ingkang nusul wau langkung dening awratipun.

32. Wondene supenan wau dipun wangsuli ngantos rambah kaping kalih punika kagem Sang Prabu Pringon ateges: bilih prakawis punika sampun dados keputusanipun Gusti Allah, saha Gusti Allah temtu tumunten enggal badhe nindakaken.

33. Ingkang punika, dhuh Sang Prabu Pringon, mugi karsaa matah salah satunggaling tiyang ingkang lantip saha wicaksana, kadhawuhana mengku satanah Mesir.

34. Kajawi punika Sang Prabu Pringon ugi nindakna makaten: inggih punika ngangkat para juru niti-priksa wonteng ing nagari ngriki, saha karsaa mundhut sapragangsalipun pamedaling tanah ing salaminipun mangsa mirah tedha pitung taun punika.

35. Sami kadhawuhana nglempakaken sawarnining bahan tedha ing salebetipun taun-taun sae ingkang badhe kalampahan punika, saha nandhoa gandum ingkang dados kagunganipun Sang Prabu Pringon, kasimpena ing kitha-kangge tandhon tedha.

36. Kalayan makaten sadaya bahan tedha wau lajeng dados tandhon kangge kaperluaning nagari punika salaminipun pailan pitung taun ingkang badhe kalampahan wonten ing tanah Mesir, supados nagari punika sampun ngantos risak margi wontenipun pailan punika.”

maca bab lengkap Purwaning Dumadi 41