Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Purwaning Dumadi 41:15-25 Kitab Sutji (JAV)

15. Sang Prabu Pringon tumuli ngandika marang Yusuf: “Ingsun supena, nanging ora ana wong siji-sijia kang bisa nyaosi katrangan bab tegese, nanging ingsun midhanget bab sira, anggonira mung krungu impene bae sira tumuli bisa njarwakake.”

16. Yusuf banjur munjuk: “Dhuh, Sang Prabu Pringon, punika sanes kawula, Gusti Allah ingkang badhe paring pawartos bab karaharjan dhateng Sang Prabu Pringon.”

17. Pangandikane Sang Prabu Pringon marang Yusuf: “Sajroning supena ingsun jumeneng ana ing pinggire begawan Nil;

18. lah nuli ana sapi pitu mentas saka ing bengawan mau, awake lemu-lemu lan becik-becik rupane, banjur padha nyenggut ana ing pinggir bengawan kono.

19. Sawuse mangkono tumuli ana sapi pitu liyane mentas, padha gering-gering lan ala rupane, ana ing satanah Mesir ingsun durung tau tumon sapi kang alane kaya mangkono iku.

20. Nanging sapi kang kuru lan ala iku banjur padha mangsa sapi lemu kang dhisik mau.

21. Sawuse sapi-sapi mau kalebu ing wetenge, iya ora katara yen wus klebon, sawangane isih padha bae kaya maune, ing kono ingsun banjur nglilir.

22. Sabanjure ing sajrone supena ingsun mirsani, ana wulen pitu thukul saka dami siji, padha mentes-mentes lan becik rupane.

23. Banjur ana wulen pitu kang gering, kuru lan geseng dening angin wetan.

24. Nanging wulen kang garing mau banjur padha nguntal wulen kang mentes-mentes mau. Prakara iki wus suncaritakake marang para sarjana, nanging siji bae ora ana kang bisa ngaturi katrangan marang ingsun.”

25. Yusuf tumuli munjuk marang Sang Prabu Pringon: “Supenan dalem kekalih punika tegesipun sami. Gusti Allah paring uninga dhateng panjenengan dalem Sang Prabu Pringon, punapa ingkang badhe dipun tindakaken.

maca bab lengkap Purwaning Dumadi 41