12. Wonten ing ngriku kawula sesarengan kaliyan tiyang nem-neman bangsa Ibrani, rencangipun pangageng prajurit tamtama wau; punika kawula cariyosi impen kawula, lajeng sampi dipun terangaken tegesipun impen kawula piyambak-piyambak.
13. Dene kalampahanipun inggih ceples kados anggenipun nyukani katrangan, kawula kawangsulaken dhateng padamelan lami, dene lurah among dhahar kagantung.”
14. Sang Prabu tumuli utusan nimbali Yusuf, kang banjur enggal-enggal kawetokake saka ing pakunjaran, nuli cukur lan salin sandhangan, banjur sowan marang ing ngarsane Sang Prabu Pringon.
15. Sang Prabu Pringon tumuli ngandika marang Yusuf: “Ingsun supena, nanging ora ana wong siji-sijia kang bisa nyaosi katrangan bab tegese, nanging ingsun midhanget bab sira, anggonira mung krungu impene bae sira tumuli bisa njarwakake.”
16. Yusuf banjur munjuk: “Dhuh, Sang Prabu Pringon, punika sanes kawula, Gusti Allah ingkang badhe paring pawartos bab karaharjan dhateng Sang Prabu Pringon.”
17. Pangandikane Sang Prabu Pringon marang Yusuf: “Sajroning supena ingsun jumeneng ana ing pinggire begawan Nil;
18. lah nuli ana sapi pitu mentas saka ing bengawan mau, awake lemu-lemu lan becik-becik rupane, banjur padha nyenggut ana ing pinggir bengawan kono.