Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Purwaning Dumadi 41:1-13 Kitab Sutji (JAV)

1. Kacarita sawuse let rong taun, Sang Prabu Pringon supena, katone panjenengane kaya jumeneng ana ing sapinggire bengawan Nil.

2. Banjur ana sapi pitu padha mentas saka bengawan, sawangane becik lan awake lemu-lemu; tumuli padha nyenggut ana ing sapinggire bengawan kono.

3. Sawuse mangkono banjur ana sapi liyane pitu, padha mentas saka ing bengawan Nil iku, sawangane ala lan awake kuru-kuru, tumuli padha mapan ana ing sandhinge sapi-sapi sing dhisik mau ana ing pinggir bengawan.

4. Sapi-sapi kang ala rupane lan kuru-kuru awake mau banjur padha mangan sapi-sapi kang becik lan lemu-lemu mau. Ing kono Sang Prabu Pringon banjur wungu.

5. Sawuse iku nuli sare maneh, banjur supena kang kaping pindhone. Lah ana wulen gandum pitu thukul saka dami siji, padha aos-aos lan becik-becik rupane.

6. Nanging ora let suwe ana wulen gandum pitu thukul, kuru-kuru lan alum marga saka angin wetan.

7. Wulen kang kuru mau banjur padha nguntal wulen kang aos lan becik. Sang Prabu Pringon tumuli wungu, mirsa yen kabeh mau mung supenan.

8. Bareng wayah esuk panggalihe judheg, banjur utusan nimbali para sarjana lan para wasis satanah Mesir, iku tumuli padha dipangandikani bab supenane, nanging siji bae ora ana kang bisa nerangake tegese.

9. Ing kono lurah pangunjukan banjur munjuk marag Sang Prabu Pringon, unjuke: “Ing dinten punika kawula kengetan kalepatan kawula.

10. Nalika samanten Sang Prabu Pringon duka dhateng para abdi, ngantos kawula katahan wonten ing griyanipun pangageng prajurit tamtama sesarengan kaliyan lurah among dhaharan.

11. Ing satunggaling dalu kawula kekalih ngimpi, inggih kawula dalah lurah among dhaharan; impen lan tegesipun piyambak-piyambak.

12. Wonten ing ngriku kawula sesarengan kaliyan tiyang nem-neman bangsa Ibrani, rencangipun pangageng prajurit tamtama wau; punika kawula cariyosi impen kawula, lajeng sampi dipun terangaken tegesipun impen kawula piyambak-piyambak.

13. Dene kalampahanipun inggih ceples kados anggenipun nyukani katrangan, kawula kawangsulaken dhateng padamelan lami, dene lurah among dhahar kagantung.”

maca bab lengkap Purwaning Dumadi 41