Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Purwaning Dumadi 40:3-12 Kitab Sutji (JAV)

3. Sakarone padha ditahan ana ing daleme panggedhe prajurit tamtama ana ing pakunjaran panggonane Yusuf katahan.

4. Panggedhe prajurit mau banjur matah Yusuf ngladeni priyayi tahanan loro mau. Kaya mangkono priyayi loro mau anggone katahan nganti sawatara suwene.

5. Ing sawijining bengi lurah sakarone padha ngimpi, impene dhewe-dhewe, iya iku lurah pangunjukan lan lurah dhaharane raja Mesir kang padha ditahan ana ing pakunjaran mau, anggone ngimpi tunggal sawengi, lan tegese impen iya beda-beda.

6. Nalika esuke Yusuf teka mrono, banjur sumurup yen sakarone lagi padha sedhih atine.

7. Yusuf banjur takon marang punggawane Sang Prabu Pringon kang padha ditahan tunggal sapakunjaran karo dheweke ana ing daleme bendarane iku, ature: “Kenging punapa dinten punika panjenengan kok sami katingal sedhih makaten?”

8. Wangsulane lurah sakarone: “Aku padha ngimpi, nanging ora ana wong kang bisa nerangake tegese.” Ature Yusuf marang wong-wong mau: “Ingkang nerangaken impen punika rak namung Gusti Allah” Sumangga, impen wau kula aturi nyariyosaken dhateng kula!”

9. Lurah pangunjukan banjur nyaritakake impene marang Yusuf, celathune: “Ing sajroning impen mau aku werung wit anggur ana ngarepku.

10. Wit anggur iku ana pange telu, lagi bae anggone semi, nuli iya metu kembange lan dhompolane padha metokake woh kang mateng-mateng.

11. Dene gelas pangunjukane Sang Prabu Pringon ana ing tanganku, woh anggur mau banjur dakjupuk dakperes ana ing gelas pangunjukane Sang Prabu Pringon lan gelase nuli dakaturake ing astane Sang Prabu Pringon.”

12. Ature Yusuf: “Tegesipun impen wau makaten: Pang tiga punika tigang dinten,

maca bab lengkap Purwaning Dumadi 40