Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Purwaning Dumadi 40:12-14 Kitab Sutji (JAV)

12. Ature Yusuf: “Tegesipun impen wau makaten: Pang tiga punika tigang dinten,

13. salebetipun tigang dinten punika Sang Prabu Pringon badhe nginggahaken panjenengan, saha mangsulaken panjenengan dhateng kalenggahan panjenengan ingkang lami, temah panjenengan badhe nyaosaken gelas pangunjukan dhateng Sang Pringon kados kala rumiyin nalika panjenengan ngasta lurah pangunjukan.

14. Nanging, kula aturi enget dhateng kula samangsa panjenengan sampun manggih sakeca, mugi karsaa nandukaken kasaenan dhateng kula, nglantaraken prakawis kula punika dhateng Sang Prabu Pringon, saha nyuwun tulung supados kawedalna saking griya punika.

maca bab lengkap Purwaning Dumadi 40