Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Purwaning Dumadi 39:7-12 Kitab Sutji (JAV)

7. Bareng wis sawatara mangsa, garwane bendarane mirsani Yusuf kalawan kagungan sir, sarta ngandika: “Ayo, turua karo aku!”

8. Nanging Yusuf ora gelem lan matur marang bendarane putri: “Sapunika bendara kawula boten prelu ngatur punapa ingkang wonten ing salebeting dalem punika malih, sarta sadaya kagunganipun sampun dipun pasrahaken ing tangan kawula,

9. malah ing salebeting dalem punika boten wonten ingkang boten dipun pasrahaken dhateng kawula, kajawi namung panjenengan dalem; margi panjenengan dalem punika garwanipun. Ingkang punika kados pundi anggen kawula badhe nglampahi piawon ageng makaten saha damel dosa dhateng Gusti Allah?”

10. Lan sanadyan saben dina Yusuf tansah dibujuk, ewasamono Yusuf ora nuruti kang dadi karsane ndherek sare lan tumindak nistha karo panjenengane.

11. Wasana ing sawijining dina kelakon Yusuf lumebu ing dalem arep nindakake pagawean, mangka ing jero dalem kono pinuju ora ana wong siji-sijia.

12. Bendarane putri tumuli nggondheli klambine Yusuf kalawan ngandika: “Ayo turu karo aku!” Nanging Yusuf ninggal klambine ana ing astane bendarane putri mau sarta lumayu metu.

maca bab lengkap Purwaning Dumadi 39