Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Purwaning Dumadi 39:1-6 Kitab Sutji (JAV)

1. Anadene Yusuf wus digawa menyang tanah Mesir, banjur dipundhut dening Sang Potifar, abdi daleme Sang Prabu Pringon, panggedhening prajurit tamtama, wong Mesir. Anggone mundhut saka wong-wong Ismael kang nggawa mrono.

2. Nanging Sang Yehuwah nunggil kalawan Yusuf, temah dadi wong kang tansah binarkahan ing sadhengah pagaweane, sarta kelilan manggon ing daleme bendarane, wong Mesir mau.

3. Bareng bendarane ngreti yen Pangeran Yehuwah nunggil karo Yusuf, sarta sabarang kang digarap tumindak becik,

4. temahan Yusuf oleh sihe bendarane kepareng dadi paladene. Malah nganti dipasrahi mengku dalem lan dipracaya nguwasani sabarang kagungane kabeh.

5. Mangka wiwit nalika maringi pangwasa marang Yusuf mengku dalem lan sakabehe barang kagungane mau, Sang Yehuwah mberkahi daleme wong Mesir iku, sabab saka Yusuf, satemah berkahe Sang Yehuwah iku nyrambahi ing sabarang kagungane kabeh, dadia kang ana ing dalem, dadia kang ana ing pategalan.

6. Sabarang kagungane kabeh dipasrahake marang pangwasane Yusuf, lan marga saka kabiyantu dening Yusuf Sang Potifar wus ora prelu ngatur apa-apa maneh kajaba mung kang didhahar piyambak.Anadene Yusuf iku tindak-tanduke ngresepake lan bagus rupane.

maca bab lengkap Purwaning Dumadi 39