Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Purwaning Dumadi 34:17-27 Kitab Sutji (JAV)

17. Nanging manawi panjenengan dalem boten karsa ndhahar atur kawula punika, saha boten karsa nglampahi supit, anak kawula estri badhe kawula pendhet lajeng sami kesah saking ngriki.”

18. Sang Prabu Hemor lan Sang Sikhem putrane padha ngrujuki usul mangkono mau.

19. Sang anem mau tumuli nindakake mangkono, marga saka kasmarane marang anake Yakub, kajaba iku Sang Sikhem mau ana ing antarane brayate kajen-keringan dhewe.

20. Sang Prabu Hemor lan kang putra Sikhem tumuli padha tedhak menyang ing sakethenging kutha prelu ndhawuhake marang para wong ing kutha kono, mangkene:

21. “Wong-wong iku padha gelem rerukunan karo kita, mulane kareben padha manggon ana ing tanah kene lan ndlajahi kanthi merdika; tanah kene iki rak cukup jembar kanggo wong-wong iku! Kita padha bisa njupuk anak-anake wadon dadi sisihan kita, lan anak-anak kita wadon padha kita wenehake mrana.

22. Mung bae wong-wong mau anggone padha gelem nuruti marang kita, supaya bisa nunggal manggon lan dadi bangsa siji, yaiku anggere sadhengah wong lanang panunggalan kita padha tetak, dikaya wong-wong mau iya padha tetak.

23. Raja-kayane, raja-darbeke, apamaneh sakehe kewane iku kabeh rak bakal dadi darbek kita! Mung bae becik padha dilegani kang dadi panjaluke iku, temah mesthi bakal manggon awor karo kita.”

24. Pangandikane Sang Prabu Hemor lan Sang Sikhem putrane mau dirujuki dening wong-wong kabeh kang padha teka nglumpuk ing sakethenging kutha, temah kelakon saben wong lanang ing kutha kono kang diwasa padha ditetaki.

25. Kacarita bareng telung dinane, wong-wong mau lagi ngrasakake lara-larane, tumuli ditekani anake Yakub loro, yaiku Simeon lan Lewi, kangmase Dina, padha sikep pedhang nempuh kutha mau klawan ora kadunungan rasa wedi lan mateni sadhengah wong lanang.

26. Dalah Sang Prabu Hemor lan kang putra Sikhem iya disedani klawan pedhang, Dina dijupuk saka daleme Sikhem, banjur digawa lunga.

27. Sawuse mangkono para anake Yakub padha ngrayahi barang-barange kang padha dipateni mau, njarah-rayah kutha kono, awit sadulure dirusuhi.

maca bab lengkap Purwaning Dumadi 34