Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Purwaning Dumadi 33:3-14 Kitab Sutji (JAV)

3. Dene Yakub dhewe lumaku ana ing ngarepe sarta sumungkem ing bumi rambah ping pitu, nganti tekan ngarepe kangmase.

4. Esap tumuli mlayoni sarta Yakub dikekep, dirangkul gulune sarta diarasi, sakarone padha nangis.

5. Bareng Esap ndeleng para wong wadon lan bocah-bocah, banjur takon: “Kang padha melu kowe iku sapa bae?” Wangsulane Yakub: “Punika lare-lare peparingipun Gusti Allah dhateng ingkang abdi.”

6. Sawuse mangkono para batur wadon mau dalah para anake padha maju sujud.

7. Lea lan anak-anake iya maju lan sujud, wasana Yusuf lan Rakhel padha nyedhak lan tumelung.

8. Esap banjur takon: “Karepmu kapriye mungguh golongan kang kapethuk aku mau?” Wangsulane: “Punika supados kula angsal sih panjenengan.”

9. Nanging Esap celathu maneh: “Dhi, aku wus ora kekurangan, duwekmu lestaria dadi duwekmu dhewe.”

10. Yakub tumuli ngucap: “Sampun makaten ta, manawi kula sampun angsal sih wonten ngarsa panjenengan, mugi karsaa nampeni atur-atur kula punika saking tangan kula, awitdene sareng kula sumerep pasemon panjenengan, mangka panjenengan karsa nanggapi kula, punika prasasat kula sumerep wadananipun Gusti Allah.

11. Bok inggih panjenengan karsa nampeni pisungsung kula ingkang sampun kaaturaken dhateng panjenengan punika, margi Gusti Allah sampun nandukaken sih kadarman dhateng kula, saha kula sampun karoban samukawis.” Bareng digubel-gubel Esap temahan gelem nampani.

12. Pangucape Esap: “Payo padha budhal mbanjurake laku, lakumu bakal dakbarengi.”

13. Nanging Yakub mangsuli marang Esap: “Panjenengan mirsa, bilih lare-lare punika taksih kirang kiyat, saha kula mbekta menda lan lembu ingkang taksih nesepi, punika saupami dipun bereg lampahipun sadinten kemawon, temtu sapantha badhe pejah sadaya.

14. Panjenengan mugi karsaa tindak ngrumiyini kula, dene kula badhe lumampah lon-lonan manut lampahing kewan ingkang wonten ing ngajeng kula, saha manut lampahipun lare-lare, ngantos kula dumugi ing ngarsa panjenengan wonten ing Seir.”

maca bab lengkap Purwaning Dumadi 33