Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Purwaning Dumadi 33:16-20 Kitab Sutji (JAV)

16. Dadine Esap banjur bali ing dina iku menyang tanah Seir.

17. Nanging Yakub banjur budhal menyang Sukot, ana ing kono yasa omah, lan raja-kayane digawekake kandhang-kandhang, mulane panggonan iku diarani Sukot.

18. Lakune Yakub saka Padan-Aram tekan Sikhem tanah Kanaan kanthi slamet, banjur ngadegake tarube ana ing sawetaning kutha.

19. Palemahan sathithik kang diadegi tarube iku olehe tuku saka para putrane Sang Prabu Hemor, ramane Sang Sikhem, kanthi rega satus kesitah.

20. Ana ing kono banjur yasa misbyah dijenengake: “Allahe Israel iku Allah.”

maca bab lengkap Purwaning Dumadi 33