Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Purwaning Dumadi 33:11-19 Kitab Sutji (JAV)

11. Bok inggih panjenengan karsa nampeni pisungsung kula ingkang sampun kaaturaken dhateng panjenengan punika, margi Gusti Allah sampun nandukaken sih kadarman dhateng kula, saha kula sampun karoban samukawis.” Bareng digubel-gubel Esap temahan gelem nampani.

12. Pangucape Esap: “Payo padha budhal mbanjurake laku, lakumu bakal dakbarengi.”

13. Nanging Yakub mangsuli marang Esap: “Panjenengan mirsa, bilih lare-lare punika taksih kirang kiyat, saha kula mbekta menda lan lembu ingkang taksih nesepi, punika saupami dipun bereg lampahipun sadinten kemawon, temtu sapantha badhe pejah sadaya.

14. Panjenengan mugi karsaa tindak ngrumiyini kula, dene kula badhe lumampah lon-lonan manut lampahing kewan ingkang wonten ing ngajeng kula, saha manut lampahipun lare-lare, ngantos kula dumugi ing ngarsa panjenengan wonten ing Seir.”

15. Esap mangsuli: “Yen mangkono, becike kowe daktinggali bala kang melu aku iki.” Nanging wangsulane Yakub: “Boten sisah makaten, kula sampun cekap angsal sih wonten ngarsa panjenengan punika.”

16. Dadine Esap banjur bali ing dina iku menyang tanah Seir.

17. Nanging Yakub banjur budhal menyang Sukot, ana ing kono yasa omah, lan raja-kayane digawekake kandhang-kandhang, mulane panggonan iku diarani Sukot.

18. Lakune Yakub saka Padan-Aram tekan Sikhem tanah Kanaan kanthi slamet, banjur ngadegake tarube ana ing sawetaning kutha.

19. Palemahan sathithik kang diadegi tarube iku olehe tuku saka para putrane Sang Prabu Hemor, ramane Sang Sikhem, kanthi rega satus kesitah.

maca bab lengkap Purwaning Dumadi 33