Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Purwaning Dumadi 33:1-8 Kitab Sutji (JAV)

1. Yakub tumuli mulat lan banjur weruh Esap teka kairingake wong patang atus. Yakub banjur merang-merang anak-anake, saperangan kapasrahake marang Lea, saperangan marang Rakhel lan marang bature wadon sakarone.

2. Bature wadon lan anak-anake diprenahake ana ngarep, Lea lan para anake ana ing burine, Rakhel lan Yusuf ana ing buri dhewe.

3. Dene Yakub dhewe lumaku ana ing ngarepe sarta sumungkem ing bumi rambah ping pitu, nganti tekan ngarepe kangmase.

4. Esap tumuli mlayoni sarta Yakub dikekep, dirangkul gulune sarta diarasi, sakarone padha nangis.

5. Bareng Esap ndeleng para wong wadon lan bocah-bocah, banjur takon: “Kang padha melu kowe iku sapa bae?” Wangsulane Yakub: “Punika lare-lare peparingipun Gusti Allah dhateng ingkang abdi.”

6. Sawuse mangkono para batur wadon mau dalah para anake padha maju sujud.

7. Lea lan anak-anake iya maju lan sujud, wasana Yusuf lan Rakhel padha nyedhak lan tumelung.

8. Esap banjur takon: “Karepmu kapriye mungguh golongan kang kapethuk aku mau?” Wangsulane: “Punika supados kula angsal sih panjenengan.”

maca bab lengkap Purwaning Dumadi 33