Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Purwaning Dumadi 31:9-18 Kitab Sutji (JAV)

9. Mangkono anggone Gusti Allah mundhut raja-kayane bapakmu lan diparingake marang aku.

10. Ing mangsane wedhus padha jejodhoan, aku mulat ndeleng sajroning pangimpen, lah wedhus lanang kang padha dadi lelananging pepanthan iku padha lorek, tutul apadene belang.

11. Sarta Sang Malaekate Gusti Allah ngandika marang aku sajroning pangimpen mau: Yakub! Unjukku: Kawula nuwun, kula.

12. Dhawuhe: Sira mulata lan mawasa, yen sakehe wedhus lanang kang dadi lelananging pepanthan iku padha lorek, tutul apadene belang, kang mangkono iku marga Ingsun mirsa apa sapanggawene Laban marang sira.

13. Ingsun iki Allah kang ana ing Betel kae; ing panggonan nalika sira njebadi tugu sarta punagi marang Ingsun; saiki sira tata-tataa! Mangkata saka tanah iki lan muliha menyang nagarane sanak sadulurira!

14. Lea lan Rakhel banjur padha mangsuli, ature: “Kula punapa taksih sami gadhah panduman utawi warisan wonten ing griyanipun bapak kula?

15. Kula rak sampun sami dipun anggep tiyang sanes, margi sampun sami kasade, saha arta pepajenganipun inggih dipun telasaken piyambak.

16. Nanging sadaya kasugihan ingkang dipun pundhut dening Gusti Allah saking bapa kula, punika rak gadhahan kula lan gadhahanipun anak-anak kula. Mila sumangga sampeyan lampahi punapa ingkang kadhawuhaken dening Gusti Allah dhateng sampeyan!”

17. Yakub banjur tata-tata, anak-anake lan somahe padha ditunggangake unta.

18. Karodene sakehing raja-kayane lan sabarang darbeke oleh-olehane ana ing Padan-Aram kono digawa kabeh, sedyane menyang daleme Iskak kang rama ing tanah Kanaan.

maca bab lengkap Purwaning Dumadi 31