Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Purwaning Dumadi 31:44-55 Kitab Sutji (JAV)

44. Mulane saiki ayo padha gawe prajanjian, aku lan kowe, supaya iku dadia waton ing antarane aku lan kowe.”

45. Yakub tumuli njupuk watu diadegake dadi tugu.

46. Sawuse mangkono Yakub banjur matur marang para kadang: “Sumangga sami nglempakaken sela!” Tumuli padha njupuki watu digawe tumpukan, banjur padha mangan ana ing sacedhake tumpukan mau.

47. Pak Laban anggone ngarani tumpukan watu mau: Yegar-Sahaduta nanging Yakub ngarani: Galed.

48. Pangucape Pak Laban: “Tumpukan watu iku dadia seksi ana ing antarane aku lan kowe ing dina iki.” Mulane tumpukan iku diarani Galed.

49. Lan uga kasebut: Mispah, marga pangucape: “Sang Yehuwah muga nguningani aku lan kowe, samangsa kita wus padha pepisahan.

50. Saupama kowe nganti nyikara anak-anakku padha kokwayuh, diawas, sanadyan ora ana wong kang cedhak karo kita, Gusti Allah kang dadi seksi ana ing antarane aku lan kowe.”

51. Sabanjure pangucape Pak Laban marang Yakub mangkene: “Lah iki tumpukan watu sarta tugu kang kita adegake ana ing antarane aku lan kowe --

52. tumpukan watu lan tugu iki dadia seksi, yen aku ora bakal ngliwati tumpukan iki nemoni kowe, lan kowe iya ora bakal ngliwati tumpukan watu lan tugu iki marani aku, kanthi sedya ala.

53. Allahe Rama Abraham lan Allahe Rama Nahor lan Allahe kang rama, muga karsaa jumeneng dadi hakim ana ing antara kita.” Yakub banjur sumpah demi Kang Dieringi kang rama Iskak.

54. Karodene Yakub nyaosake kurban sembelehan ana ing pagunungan kono, sarta ngundangi para sanak kadange kembul mangan. Dene sawuse padha mangan banjur padha nginep ana ing pagunungan kono.

55. Esuke isih umun-umun Pak Laban ngambungi anak-putune lanang wadon sarta padha diberkahi; sawuse mangkono banjur budhal mulih menyang panggonane dhewe-dhewe.

maca bab lengkap Purwaning Dumadi 31