Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Purwaning Dumadi 31:38-52 Kitab Sutji (JAV)

38. Kalih dasa taun anggen kula ndherek panjenengan, menda gembel lan menda panjenengan estri boten wonten ingkang ngantos keluron, sarta menda gembel panjenengan ingkang jaler boten nate kula tedha.

39. Ingkang kamangsa ing sato galak, boten kula aturaken panjenengan, kula lintoni piyambak; ingkang dipun pendhet tiyang, dadosa ing wanci siyang dadosa ing wanci dalu, panjenengan tempahaken dhateng kula sadaya.

40. Ing wanci siyang kula kabenteran lan ing wanci dalu kasrepen, sarta kula kirang tilem.

41. Ngantos kalih dasa taun anggen kula ngenger, ingkang sekawan welas taun anggen kula ngengeri putra panjenengan estri kekalih, ingkang nem taun supados angsal berahan raja-kaya, mangka berahan kula tansah panjenengan ewah-ewahi ngantos rambah kaping sadasa.

42. Saupami Allahipun bapa kula, Allahipun Eyang Abraham, sarta ingkang dipun eringi bapa kula Iskak boten nunggil kula, sapunika panjenengan tamtu ngesahaken kula kanthi legeh; nanging Gusti Allah sampun nguningani kasangsaran saha ngrekaos kula, saha sampun ndhawahaken karampungan kala wau dalu.”

43. Pak laban banjur mangsuli marang Yakub: “Wong wadon-wadon iku anakku lan bocah lanang-lanang kuwi putuku, apadene panthan wedhus iku iya panthanku, malah sabarang kang kokdeleng iki kabeh iya duwekku; saiki aku bisa nindakake apa marang anak-anakku lan bocah-bocah kang dilairake iku?

44. Mulane saiki ayo padha gawe prajanjian, aku lan kowe, supaya iku dadia waton ing antarane aku lan kowe.”

45. Yakub tumuli njupuk watu diadegake dadi tugu.

46. Sawuse mangkono Yakub banjur matur marang para kadang: “Sumangga sami nglempakaken sela!” Tumuli padha njupuki watu digawe tumpukan, banjur padha mangan ana ing sacedhake tumpukan mau.

47. Pak Laban anggone ngarani tumpukan watu mau: Yegar-Sahaduta nanging Yakub ngarani: Galed.

48. Pangucape Pak Laban: “Tumpukan watu iku dadia seksi ana ing antarane aku lan kowe ing dina iki.” Mulane tumpukan iku diarani Galed.

49. Lan uga kasebut: Mispah, marga pangucape: “Sang Yehuwah muga nguningani aku lan kowe, samangsa kita wus padha pepisahan.

50. Saupama kowe nganti nyikara anak-anakku padha kokwayuh, diawas, sanadyan ora ana wong kang cedhak karo kita, Gusti Allah kang dadi seksi ana ing antarane aku lan kowe.”

51. Sabanjure pangucape Pak Laban marang Yakub mangkene: “Lah iki tumpukan watu sarta tugu kang kita adegake ana ing antarane aku lan kowe --

52. tumpukan watu lan tugu iki dadia seksi, yen aku ora bakal ngliwati tumpukan iki nemoni kowe, lan kowe iya ora bakal ngliwati tumpukan watu lan tugu iki marani aku, kanthi sedya ala.

maca bab lengkap Purwaning Dumadi 31