Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Purwaning Dumadi 31:16-35 Kitab Sutji (JAV)

16. Nanging sadaya kasugihan ingkang dipun pundhut dening Gusti Allah saking bapa kula, punika rak gadhahan kula lan gadhahanipun anak-anak kula. Mila sumangga sampeyan lampahi punapa ingkang kadhawuhaken dening Gusti Allah dhateng sampeyan!”

17. Yakub banjur tata-tata, anak-anake lan somahe padha ditunggangake unta.

18. Karodene sakehing raja-kayane lan sabarang darbeke oleh-olehane ana ing Padan-Aram kono digawa kabeh, sedyane menyang daleme Iskak kang rama ing tanah Kanaan.

19. Nalika samana Pak Laban lagi lunga mbathili wedhuse, Rakhel banjur nyolong terafim duweke bapakne.

20. Yakub ngakali Laban wong Aram, anggone lunga tanpa pamit.

21. Mangkono anggone lunga angles karo nggawani sabarang darbeke kabeh, nyabrang bengawan Efrat lakune ngener pagunungan Gilead.

22. Bareng telung dinane Pak Laban lagi dikabari, yen Yakub wus lunga angles.

23. Tumuli ngajak sanak kadange padha nututi Yakub. Sawuse oleh lakon pitung dina, ketututan ana ing pagunungan Gilead.

24. Nanging Gusti Allah ngrawuhi Pak Laban wong Aram sajroning pangimpen, dhawuhe: “Poma sira aja nguneni apa-apa marang Yakub sanadyan mung satembung bae!”

25. Nalika Pak Laban wus bisa nututi Yakub, Yakub bus nancebake tarube ana ing pagunungan; dene Pak Laban karo sanak kadange iya banjur padha nancebake tarube ana ing pagunungan Gilead.

26. Pak Laban tumuli ngucap marang Yakub: “Pratingkah apa kang koklakoni iki, dene kowe kok nglimpekake aku lan mboyongi anak-anakku kaya bandhangan perang?

27. Yagene kowe lunga ngglenes lan nglimpekake aku, yagene ora aweh weruh marang aku, supaya aku bisa nguntapake kowe kanthi suka-suka nganggo sesindhenan kalawan terbang lan clempung?

28. Apamaneh aku ora nganti bisa ngambungi putu-putuku lanang lan anak-anakku wadon. Pratingkahmu mangkono iku ora patut.

29. Aku iki bisa gawe cilakamu, nanging Gusti Allahe bapakmu dhek bengi wus ndhawuhi aku: Poma, sira aja nguneni Yakub sanadyan mung sakecap bae.

30. Lah saikine, manawa kowe pancen kudu lunga, awit saka kangenmu marang omahe bapakmu, geneya kowe nyolong dewa-dewaku?”

31. Wangsulane Yakub marang Pak Laban: “Mila makaten, awit kula kuwatos, margi osiking manah kula: gek-gek panjenengan badhe ngrebat ingkang putra saking tangan kula?

32. Nanging soksintena ingkang kanggenan dewa panjenengan, punika sampun ngantos dipun gesangi. Sumangga panjenengan titi-priksa sadaya barang kula, dipun seksenana sanak kadang kita punika, kagungan panjenengan ingkang wonten kula, kula aturi mundhut!” Amarga Yakub ora weruh yen kang nyolong terafim iku Rakhel.

33. Pak Laban banjur lumebu ing tarube Yakub, tarube Lea lan tarube abdine wadon sakarone, nanging terafime ora ana. Sawetune saka tarube Lea, banjur lumebu ing tarube Rakhel.

34. Anadene Rakhel kang njupuk terafim mau lan dilebokake ing lapake unta, banjur dilinggihi. Pak Laban tumuli nggledhahi sawratane tarube, nanging ora nemu terafime.

35. Rakhel banjur matur marang bapakne: “Bapak mugi sampun ngantos duka, dene kula boten saged ngadeg wonten ngarsa panjenengan, margi kula saweg ewed kados salimrahipun tiyang estri.” Sanadyan Pak Laban anggone nggledhahi kalawan njlimet, ewasamono terafime meksa ora ketemu.

maca bab lengkap Purwaning Dumadi 31