1. Yakub krungu tembunge anak-anake Pak Laban kang lanang, rasanane: “Yakub iku wus njupuki darbeke bapakku lan marga saka barang darbeke mau kasugihane saya mundhak-mundhak.”
2. Kajaba saka iku Yakub iya niteni polatane Pak Laban, saiki tangkepe wis beda karo sing uwis-uwis.
3. Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang Yakub: “Sira muliha menyang tanahe leluhurira lan kulawangsanira, dene Ingsun bakal nunggil kalawan sira.”
4. Yakub banjur kongkonan ngundang Rakhel lan Lea menyang ara-ara, pasabane wedhus-wedhuse.
5. Tumuli padha dituturi mangkene: “Aku niteni yen ulate bapakmu marang aku wis ora kaya kang uwis-uwis, nanging Allahe bapakku tansah nunggil karo aku.
6. Kowe padha weruh dhewe, yen anggonku ngenger bapakmu kanthi temen-temen.
7. Nanging bapakmu wus nyidrani aku lan ngowah-owahi buruhanku nganti kaping sepuluh, nanging Gusti Allah ora marengake bapakmu gawe pitunaku.
8. Manawa kandha: Kang tutul dadia buruhanmu, sapantha kabeh banjur padha manak tutul; lan manawa kandha: kang lorek dadi buruhanmu, sapantha kabeh banjur padha manak lorek.
9. Mangkono anggone Gusti Allah mundhut raja-kayane bapakmu lan diparingake marang aku.