Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Purwaning Dumadi 31:1-11 Kitab Sutji (JAV)

1. Yakub krungu tembunge anak-anake Pak Laban kang lanang, rasanane: “Yakub iku wus njupuki darbeke bapakku lan marga saka barang darbeke mau kasugihane saya mundhak-mundhak.”

2. Kajaba saka iku Yakub iya niteni polatane Pak Laban, saiki tangkepe wis beda karo sing uwis-uwis.

3. Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang Yakub: “Sira muliha menyang tanahe leluhurira lan kulawangsanira, dene Ingsun bakal nunggil kalawan sira.”

4. Yakub banjur kongkonan ngundang Rakhel lan Lea menyang ara-ara, pasabane wedhus-wedhuse.

5. Tumuli padha dituturi mangkene: “Aku niteni yen ulate bapakmu marang aku wis ora kaya kang uwis-uwis, nanging Allahe bapakku tansah nunggil karo aku.

6. Kowe padha weruh dhewe, yen anggonku ngenger bapakmu kanthi temen-temen.

7. Nanging bapakmu wus nyidrani aku lan ngowah-owahi buruhanku nganti kaping sepuluh, nanging Gusti Allah ora marengake bapakmu gawe pitunaku.

8. Manawa kandha: Kang tutul dadia buruhanmu, sapantha kabeh banjur padha manak tutul; lan manawa kandha: kang lorek dadi buruhanmu, sapantha kabeh banjur padha manak lorek.

9. Mangkono anggone Gusti Allah mundhut raja-kayane bapakmu lan diparingake marang aku.

10. Ing mangsane wedhus padha jejodhoan, aku mulat ndeleng sajroning pangimpen, lah wedhus lanang kang padha dadi lelananging pepanthan iku padha lorek, tutul apadene belang.

11. Sarta Sang Malaekate Gusti Allah ngandika marang aku sajroning pangimpen mau: Yakub! Unjukku: Kawula nuwun, kula.

maca bab lengkap Purwaning Dumadi 31