Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Purwaning Dumadi 30:32-43 Kitab Sutji (JAV)

32. Dinten punika kula badhe ngideri pepanthaning menda panjenengan sadaya, misahaken sadhengah menda ingkang tutul-tutul lan belang-belang; menda gembel ingkang cemeng, saha ingkang belang utawi tutul, punika dadosa gadhahan kula.

33. Sarta benjing katemenan kula badhe katitik, samangsa panjenengan niti priksa berahan kula: Sadaya menda ingkang boten tutul-tutul utawi belang-belang, saha menda gembel ingkang boten cemeng, punika kaanggepa anggen kula nyolong.”

34. Pangucape Pak Laban: “Prayoga, tindakna kandhamu iku!”

35. Dina iku uga Yakub banjur misahake wedhus-wedhus lanang kang lorek lan kang belang, lan sakehe wedhus kang tutul-tutul lan belang-belang, sadhengah kang ana putihe, lan panunggalane wedhus gembel kang ireng; banjur padha dipasrahake marang anak-anake supaya dijaga.

36. Kajaba iku Pak Laban nemtokake pamanggone Yakub lete lakon telung dina. Yakub banjur ngengon wedhus-wedhuse Pak Laban kang kari.

37. Yakub banjur njupuk pange wit libnah, wit lus lan wit armon kang isih teles, padha diklokopi kulite nganti katon putihe dadi lorek-lorek.

38. Pang-pang kang wus diklokopi mau tumuli didokok ana ing kalenan lan papan pangomben, kang mesthi diparani dening wedhus-wedhus manawa arep ngombe, diprenahake ana ing ngarepe wedhus. Anadene wedhus mau lumrahe seneng jejodhoan yen ngarepake ngombe.

39. Yen wedhus-wedhus iku anggone jejodhoan cedhak karo pang-pang mau, anake banjur padha lorek-lorek, tutul-tutul lan belang-belang.

40. Cempe kang kaya mangkono mau banjur didhewekake, sarta panthane wedhus diadhepake marang kang lorek-lorek lan kang ireng ana ing antarane wedhuse Pak Laban. Mangkono anggone ngreka nglumpukake kewan-kewan kanggo awake dhewe, ora diworake karo pepanthane wedhuse Pak Laban.

41. Lan saben wedhus kang rosa padha arep jejodhoan, Yakub tumuli ndokok pang mau ana ing wadhah pangomben ing ngarepe wedhus mau, supaya padha jejodhoan ana ing ngarepe pang-pang mau.

42. Nanging samangsa kang jejodhoan iku wedhus kang ora rosa, ora didokoki pang, temahan wedhus-wedhus kang ora rosa dadi pandumane Pak Laban lan kang rosa dadi pandumane Yakub.

43. Jalaran saka iku raja-darbeke Yakub sangsaya tambah, sugih raja-kaya, batur wadon lan lanang, unta lan kuldi.

maca bab lengkap Purwaning Dumadi 30