Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Purwaning Dumadi 30:28-40 Kitab Sutji (JAV)

28. Pangucape Pak Laban maneh: “Tetepna dhewe buruhanmu pira kang kudu dakbayar, mesti bakal dakwenehi.”

29. Ature Yakub marang Pak Laban: “Panjenengan uninga piyambak, kadospundi anggen kula ngenger panjenengan, saha kadospundi kawontenaning raja-kaya panjenengan salebetipun kula jagi.

30. Awitdene kagungan panjenengan boten sapintena saderengipun kula dhateng, nanging sapunika sampun ngrebda sanget, saha Sang Yehuwah sampun mberkahi panjenengan sadangunipun kula wonten ngriki. Dados benjing punapa kula saged nyambut damel kangge brayat kula piyambak?”

31. Wangsulane Pak Laban: “Apa sing dadi panjalukmu marang aku?” Ature Yakub: “Panjenengan boten sisah maringi punapa-punapa dhateng kula, kula sagah ngengen saha rumeksa menda panjenengan sadaya malih, manawi panjenengan marengaken ingkang dados atur kula punika:

32. Dinten punika kula badhe ngideri pepanthaning menda panjenengan sadaya, misahaken sadhengah menda ingkang tutul-tutul lan belang-belang; menda gembel ingkang cemeng, saha ingkang belang utawi tutul, punika dadosa gadhahan kula.

33. Sarta benjing katemenan kula badhe katitik, samangsa panjenengan niti priksa berahan kula: Sadaya menda ingkang boten tutul-tutul utawi belang-belang, saha menda gembel ingkang boten cemeng, punika kaanggepa anggen kula nyolong.”

34. Pangucape Pak Laban: “Prayoga, tindakna kandhamu iku!”

35. Dina iku uga Yakub banjur misahake wedhus-wedhus lanang kang lorek lan kang belang, lan sakehe wedhus kang tutul-tutul lan belang-belang, sadhengah kang ana putihe, lan panunggalane wedhus gembel kang ireng; banjur padha dipasrahake marang anak-anake supaya dijaga.

36. Kajaba iku Pak Laban nemtokake pamanggone Yakub lete lakon telung dina. Yakub banjur ngengon wedhus-wedhuse Pak Laban kang kari.

37. Yakub banjur njupuk pange wit libnah, wit lus lan wit armon kang isih teles, padha diklokopi kulite nganti katon putihe dadi lorek-lorek.

38. Pang-pang kang wus diklokopi mau tumuli didokok ana ing kalenan lan papan pangomben, kang mesthi diparani dening wedhus-wedhus manawa arep ngombe, diprenahake ana ing ngarepe wedhus. Anadene wedhus mau lumrahe seneng jejodhoan yen ngarepake ngombe.

39. Yen wedhus-wedhus iku anggone jejodhoan cedhak karo pang-pang mau, anake banjur padha lorek-lorek, tutul-tutul lan belang-belang.

40. Cempe kang kaya mangkono mau banjur didhewekake, sarta panthane wedhus diadhepake marang kang lorek-lorek lan kang ireng ana ing antarane wedhuse Pak Laban. Mangkono anggone ngreka nglumpukake kewan-kewan kanggo awake dhewe, ora diworake karo pepanthane wedhuse Pak Laban.

maca bab lengkap Purwaning Dumadi 30