Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Purwaning Dumadi 29:28-33 Kitab Sutji (JAV)

28. Yakub iya banjur nglakoni mangkono, nutugake bebrayatane karo Lea nganti pitung dina; bareng wus ganep pitung dina tumuli iya diwenehi Rakhel anake, dadi somahe.

29. Karodene Pak Laban nggawani anake mau rewang wadon jenenge Bilha, dadi bature.

30. Yakub iya banjur sapaturon karo Rakhel uga, malah anggone nresnani Rakhel ngluwihi katresnane marang Lea. Kaya mangkono Yakub terus ngenger Laban pitung taun maneh.

31. Pangeran Yehuwah mirsa yen Lea ora ditresnani, mulane dibikak guwagarbane, nanging Rakhel gabug.

32. Lea banjur ngandhut sarta nglairake anak lanang, kang dijenengake Ruben, pangucape: “Satemene Sang Yehuwah wus mirsani kasangsaranku, samengko aku mesthi ditresnani bojoku.”

33. Banjur ngandhut maneh sarta nglairake anak lanang, pangucape: “Pangeran Yehuwah mirsa yen aku ora ditresnani, mulane aku diparingi anak maneh.” Bocahe dijenengake: Simeon.

maca bab lengkap Purwaning Dumadi 29